Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
XXV. BAB GRAHANA

Saka tjaritane wong ing djaman kuna, nalika kangdjeng nabi Musa kalamollah, anglurugi sang hjang Pramèsti Guru marang wukir Déwani, ija gunung Himalaja kang kasebut ing Suralaja, nganti prang gedé, nanging batara Guru kasoran, awit kasektèné ora dadi, satemah djengkar aninggal Suralaja, lolos mangétan sapara déwa kabèh. Nabi Musa mijosaké adji kemajan maudjud peksi dara séta sadjodo, kang pangawak utawa nggawa wisa mandi, kinon angetutaké lolosé batara Guru lan para déwa saparané, sarta kinon angudani wisa, nanging jèn batara Guru tutug ing muswa Djawa manuk dara kadawuhan bali.

Kotjap batara Guru wus tutug ing pulo Djawa, manuk dara bali, nanging sang hjang Guru lan para déwa kabèh nandang kasangsaran, awit ketaman déning dajaning wisa kemajan. Lakuné sang hjang Guru lan para déwa andjog ing aldaka Lawu, bandjur pada lèrèn; sang hjang Guru uga kalcbon wisa kemajan, nanging durung malebu sadjroning guwagarba, wisa lagi tutug ing gorokan nuli dirogoh kawetokaké ing tenggok, mulané sang hjang Guru anandang tjiri tenggaké belang putih, bantjur asesilih asma sang hjang Nilakanţa. Déné para djawata kang ketaman wisa tansah nandang raga; jèn ta kenaa ing pati temtu lebur tumpes tapis tanpa 'kukuban.

Amung batara Wisnu kang kalis déning wisa kemajan.

Sang hjang Nilakanţa ngandika marang batara Wisnu : ,,E, kulup Wisnu, énggal para kadangmu déwa kabèh, kang ketaman ing wisa pada usadanana. Lah iki, kulup, usadané aran tirta Marta, takwaḍahi ing tjupu manik Astagina, kulup ; kang angombé banju iki luput ing pati bisa urip ing salawas-alawasé."

Katjarita, para déwa wus diusadani marang batara Wisnu paḍa waluja kabèh.

Ing wektuné batara Wisnu angusadani para djawata, ana raksasa aran Lembutjulung anjlamur mada déwa, ndjaluk usada marang batara Wisnu, uga diwènèhi, nanging batara Surja ora samar jèn kang ndjaluk usada iku raksasa tjanḍala njalimur pinda déwa. Enggal batara Surja ndjawil marang batara Wisnu : ,,Kakang Wisnu, ingkang paduka sukani usada punika wau sanès djawata, sajektosipun danawa dusta ; énggal kakang paduka lepasi sandjata tjakra ; jèn ngantos toja Marta mrasuk ing angga temtu boten saged pralaja ; menawi mbalela sinten ingkang saged anjembadani, mangka agengipun saprabata siwi."

Sang hjang Wisnu sigra mentang langkap anglepasaké sandjata tjakra, kena gúluné sang Lembutjulung tigas pantjing, karana tirta marta durung mlebu sadjroning angga, isih ana ing gorokan. Satemah endasé Lembutjulung bisa mesat angambara marang ing gagana ; iku urip tanpa gembung saka dajaning tirta Marta, déné gembungé dadi lesung ana ing martjapada ; mungguh endas buta mau pakarjané tansah amemangsa surja lan tjandra. Mulané jèn ana grahana srengéngé utawa rembulan, ija iku dimangsa endasé Lembutjulung, wong kabèh pada mbendrong kotèkan gendong barong, awit lesung-lesung kabèh iki gembungé sang Lembutjulung ; jèn gembungé digawé ko-

115