Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

rama Sénapati, aku didawuhi anggeguru marang éjang Djuru. Wong tuwa mono ora kena diungkuli ing wong enom ing kasektèné utawa ngèlmu lijané."

Radèn Rangga bandjur njuwun wulang marang ingkang éjang. Kjai Djuru akèh paringé wulang marang ingkang wajah. Radèn Rangga tumuli bali. Pungkas-pungkasané Radèn Rangga mireng pawartos jèn ing Patalan ana ula gedé, angluwihi galaké, kerep nguntal wong liwat. Radèn Rangga arep ngajoni. Ula énggal anjander, njakot sarta muled. Radèn Rangga panggah, tjinakot ora pasah, pinulet ora obah. Ula bandjur binetot-betot, dadi lan tiwasé. Radèn Rangga nuli mulih, tekan ing dalem bandjur gerah, andadèkaké ing sédané.


ADJA NGITIK-ITIK ANAK PUPON


Katjarita Panembahan Sénapati iku nalika timuré dipundut putra karo Kangdjeng Sultan Padjang, banget kinasih, kaja putrané Kangdjeng Sultan pijambak. Bareng wis diwasa winuruk sakabèhing ngèlmu, kasektèn lan kateguhan, apa déné bandjur dimuktèkaké ana ing bumi Mataram. Wasana ing pamburiné djebul wani marang Kangdjeng Sultan ora kersa sowan menjang Padjang, sedyané arep ngratoni tanah Djawa.

Tindak kang kaja mengkono mau ndadèkaké dukané Kangdjeng Sultan. Saking gempunging panggalih, Kangdjeng Sultan Adiwidjaja kawedal pangandikané mengkéné: ,,Saturun-turunku adja ana sing duwé anak pupon." Wiwit semana trah Sultan Padjang bandjur pada njirik, emoh mupu anak, utawa ngitik-itik anak pupon.


ADJA NUNGGANG DJARAN BATILAN


Mirid dedongèngan, Radèn Ngabèi Loring Pasar, ija kang ing pamburiné djedjuluk Panembahan Sénapati, iku nalika perang mungsuh Arja Penangsang ing Djipang nitih belo, suriné batilan. Déné titihané Arja Penangsang aran Gagakrimang. Nalika satrija loro mau perang tanding, pada arep-arepan, titihané Radèn Ngabèi Loring-Pasar mbandang, ora kena dipekak nganti sawatara dohé. Adjaa ngrangkul kentjeng ing guluning titihané, Radèn Ngabèi mau kalakon dawah. Bareng wis mandeg, Radèn Ngabèi énggal medak, titihané dituntun, kapasrahaké marang ingkang abdi, kanti prasapa: ,,Bésuk saturun-turunku, jèn perang adja ana kang nunggang djaran batilan, sebab bakal neniwasi."

Nganti sepréné tedak-turuné Radèn Ngabèi Loring-Pasar, ija Panembahan Sénapati mau, pada ora wani ngingu utawa nunggang djaran baţilan.

(Serat Kasusastran Djawi.)

114