Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/115

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

„Boten genah sampéjan niku mbah!"

„Wong boten kedjarag kok Mas, nggih ngapuntené mawon djing katah."

„Napa boten ngerti nèk boten èntuk nginang ?"

„Ngapuntené tijang sepah, niki !”

„Mbok nika diwatja, dilarang ludah !"

„Tijang empun sepuh, boten saged maos kok Mas !"

„Lajak! Lah wong ora tau mangan sekolahan !!! Prijantun, djasipun abrit punika lo !"

Djaka-bregas gita anggènipun ngiling-ilingi: ,,Tjilaka ané !" Djas ing pundak kénging dubang saèstu. Pepes raosing manah, kadi déné ketaman ing gas-ratjun. Baḍé nepsu, mindak tiwas namung petjutja-petjutju. Pun Nini Tonak-tanuk gèk baḍé dipun punapakaken? Namung kémawon ulatipun meksa ketingal: sanget gela, sanget tjuwa, sèwu susah sèwu sedih, awit anggènipun bentèr-bentèr kesesa-sesa nunut bis punika wau margi déning sampun kentjan, baḍé sesarengan mara-tamu kalijan kantja-kantjanipun sawetawis, ḍateng panggénaning mitra gaḍah damel, katik mawi pijulan, gitaran barang. Apesing badan djebul kepalang bandjir seganten rudira! Temtunipun Djakabregas kepeksa wangsul ing margi, kepeksa tjidra ubaja mbaléndjani djandji, gela-tjuwa boten èstu seneng-seneng kepanggih mitra karuh, getun-ngungun, sandé anggènipun baḍé gijak-gijak gegudjengan kalijan kantja tuwin para sadèrèk. Tjilèmèt ané !

(Simpai).

XXIV. RADÈN RANGGA

Radèn Rangga, putra Kandjeng Panembahan Sénapati, iku misuwur digdaja, rosa sarta teguh. Wataké panasbaran lan tjengkiling Jèn nempiling uwong mesti matiné.

Anudju sawidjining dina ana wong neneka saka ing tanah Banten, sedyané arep ngajoni kadigdajané Sang Panembahan; bandjur ditemoni ingkang putra, Radèn Rangga, pada ngadu karosan. Wasanané wong Banten mau kasoran, lan mati amarga tinempiling déning Raden Rangga.

Ora let suwé Radèn Rangga kaḍawuhan ingkang rama maguru marang Ki Djurumartani. Nanging Ki Djuru nalika semana lagi salat ana ing masdjid. Radèn Rangga ngentèni, lungguh ana ing undak-undakaning masdjid, sing digawé watu kumlasa atos-atos banget. Sadjroné lungguh njrantèkaké Ki Djuru, watu kumlasa mau ditjublesi nganggo dridjiné, nganti pada dekok; lah kok majar baé, kaja njublesi lemah lempung kaé, Salebaré sálat, Ki Djuru nemoni Radèn Rangga, sarta kaget déné watu undak-undakaning masdjid pada dekok tilas ditjublesi Radèn Rangga mung nganggo dridjiné baé.

„Radèn Rangga, watu kotjubles iku apa ora atos?" Mangkono pangandikané Ki Djuru. Watu ija bandjur atos pada sanalika. Ditjubles ora pasah. Radèn Rangga mitjara ing sadjroning ati: ,,Bener

petikan mantja warna

113