djedjaka wau meksa sedija djas-hudjan, kasampiraken ing pundak. Wah teka pating srendil, pepak mèh kados bakul prombèngan.
Boten antawis dangu bisipun sampun ketingal, nunten dipun setop. Djedjaka wau angsal papan sanding podjok ing wingking, ,,Klaar!" Bis mlampah malih, kenèk boten keduman enggèn, namung ngadeg kémawon, mobat-mabit gondélan konten, ndojong mangiwa, nggléwang manengen anut ombak lampahing motor, mripatipun léra-léré ngenut ébahing badan, rambut modal-madul, dipun tumpangi pétjis klawu kairingaken manengen. Taksih ketawis bilih ingkang klawu punika waunipun petak, nanging rèhning sampun lami tur kekerepen kanggé njungga-njunggi bagor, krandjang senik, pramila inggih sampun itjal petakipun. Teka malah dados lan pantesipun. Déné kemédjan dalah sruwal pantjèn sampun dasar tjemeng, ndadak sampun ragi kekatahen gemuk semir-oli; wah, sadjakipun ngantos kandel meleng-meleng!
Rèhning pantjèn sampun kebak, pramila lampahing bis saged terusan kémawon, boten kekerepen kéndal-kèndel, nanging grondjalan sanget boten sekétja, tijang lakar ngleresi bis sampun kepara risak! Tur swaraning mesin dalah momotan ing pajon pating glodag grambjangan mbrebegi kuping sajektos.
Djedjaka kasebat nginggil penganggénipun sarwa setlikan tur saanggènipun dandan ketingal ragi dipun kajang. Sa-ebis ngriku kaleres namung sarwa tjemeng amblurus, dados boten élok upami laré wau nggadahana raos-rumaos bregas pijambak, rumaos kadi déné regulo mawar, mèdem éndah, njelap èdi pijambak wonten madyaning bebondotan. Pasemonipun kémawon sampun ketawis, tuwin inggih katitik saking bringkang-bringkunging solah bawa. Kinekera kados punapa, sumuking batos punika saèstu inggih tumus ḍateng lèdjeming lati saha liringing nétra. Dasar kepara njata: lair utusaning batin! Linggihipun tanpa mobah tanpa mosik kedjawi namung krana kontrag kaentrog-entrog ing ebis. Plelenging mripat namung kaeneraken ḍateng djogan longaning bangku ing ngadjengipun. Tijang sa-ebis asring gar-ger gumudjeng, awit wonten ingkang nglutju nirokaken lelutjon Garèng-Pétruk tuwin Bagong anggènipun ningali wingènipun. Namung wonten setunggal ingkang boten nggatosaken ḍateng bebanjolan wau, inggih punika tijang èstri sampun sepuh, awit saweg ngemataken anggènipun tonak-tanuk anggegajemi sedah-gambir-endjet.
,,Djaka-bregas" asring aklétjam-klètjem keprodjol èsemipun, nanging genah boten margi saking lelutjon Bagong, sampun temtu nènèman wau ngandut gémbolan sanès, genah jèn boten barès ! Kotjap mbah sepuh ingkang tonak-tanuk ngemataken gantèn wau klițihan baḍé ndubang, boten wonten ,,ketjohanipun." Wusana tékad-tékadan, ladjeng kaidokaken medal djendéla.
Tjilakanipun sang Djaka-bregas, dubang katampek ing angin, kewangsul mbalik lumebet, sumamburat njiprati djas setlikan. Kodjuripun pun kenèk, kedrawasan lambé kesrèmpèt pesating warastra rekta alias djemparing ketjoh-rudira wau. Njai Tanuk putjet-bijas ulatipun. Baḍé witjanten kamisosolen boten medal tembungipun. Kenèk kraos anjep-anjep ing lambé, sareng dipun takjinaken, djebul idjem-idjem mawi semburat abrit.
112