Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/113

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

tjinakrabawa." Witjantenipun saweg dumugi samanten, baita kekalih sareng kèremipun ladjeng musna kalijan tijang ingkang melahi, déné tijang ingkang numpak sami pating krambang. Tjremakarja sakantjanipun anulungi dalang Ganda, ladjeng kaentasaken ḍateng darat, sanèsipun sampun mentas sadaja, awit sami baut anglangi, sami lèrèh wonten sapinggiring lèpèn.

Dalang Ganda witjanten: ,,É, kantjaku kabèh adja ana kang ngresula utawa keduwung lelakon iki, karana kaja ana sadjroning pangimpèn. Lah, saiki aku mudeng jèn kang nanggap iki pantjèn Ielembut kang pada makajangan ing umbul Pening, déné lurahé lelembut ord kjai Bangsadarma, kang bener kjai Sarpabangsa arupa taksaka naga. Sanadyan demit atiné betjik lan ambek utama. Mara, Tjrema, ḍuwit kang kogèmbol apa ora katjemplung ing banju?"

Pangendang kalih pangrebab angedalaken jatra ingkang dipun gèmbol ladjeng kapétang taksih djangkep kawan dasa ringgit.

,,O, sukur-sukur déné ana kang ginawé sangu mulih, nanging wetengku kok mules, takira nggonku kekum ing banju mau, mara tak tjobané mamah kunir paringané kjai petinggi. Ladjeng dipunut juli saking saputangan; sareng dipun waspaosaken amalih warni kentjana. Ingkang kabekta Tjremakarja énggal katingalan inggih dados emas, para nijaga abingah-bingah sadaja.

Dalang Ganda witjanten: ,,Iki barang jèn wis tutug ing ngomah baé didol kabèh, sapira pajuné didum warata; wis, ajo pada nuli mulih mumpung isih rada awan."

,,Sumangga suwawi, kjai."

Katjarijos saantukipun ngringgit saking rawa Pening, dalang Ganda nandang sakit mripatipun ngantos dados wuta. Sanadyan sampun wuta boten suda ingkang ananggap, karana prigel wasis panjepengipun ringgit taksih kados nalika awasipun, nanging sareng wuta wonten ingkang angladosi amendet ringgit ingkang baḍé kawedalaken. Malah ing tjarijos pedjahipun kjai dalang Gandawignja boten mawi sakit ing satengahing ngringgit wonten dusun Daḍapajam distrik Salatiga.

(Dongèng warni-warni.)

XXIII. TJILAKA ANÉ


Sijang-sijang, wantji bedug kentang-kentang, ing pinggir margi prasekawanan wonten djedjaka ngadeg ndjedjer kados retja gesang-gesangan. Tangan kiwa malang kerik kalijan njangklong tas, mbedudug isi untel-untelan anduk, sarung lan rasukan telesan. Tangan tengen njeketem katju, sekedap-sekedap kanggé ngusap batuk awit keraos risi djalaran kala djungkatan wau katut keblonjo pomade. Sak kiwa-tengen ing ngandap ngetombol isi katju, pèmès, arta, djungkat. Déné sak nginggil isi pulpèn, djèdjèr rèntèp kalijan pul potlot pisan, kalijan tismak garan penju saha djam ranténipun nglawèr pandjang, tuwin malih senadjan kala semanten mangsa terangan éwa déné

111