penḍapi sampun kebak tijang djaler ingkang djagong, sadjak penganggénipun tijang djaler èstri kados prijantun ing negari Surakarta, inggih sami ngabotohan warni-warni, kadosta: kasukan gitikan (kertu gangsal), tjeki, pèi, setuteran, salikuran. Saenggèn-enggèn wonten tijang ngabotohan, sampun kados pabrik gendis ingkang nembé baḍé giling rosanipun. Déné grija ing wingking kebak sami lenggah dépokan, gelungipun gondèl, sami tjunduk djungkat tanggalan kang katrètès sesotya, sengkangipun blosokan ingkang katrètès ing berlijan, mawi kembenan, déné rasukan warni kalih, ingkang katah takwa tuwin kebajak tjekak kados ingkang kanggé djaman Kalijoga punika.
Kotjap, dalang asasmita talu, sasampuning talu ladjeng djedjer, ingkang minangka djedjer ratuning raksasa adjedjuluk prabu Niwatakawatja, ing nagari Imantaka. Sareng wantji baḍé tengah dalu dalang amedalaken sang hjang Pramèsti Guru, sadaja tijang ingkang aningali angobong menjan, awit sadaja ingkang aningali sami ambekta latu merang punapa déné ing penḍapi tuwin ing grija wingking inggih angobong dupa, kukusipun kumelun kados ampak-ampak utawi pedut, saged anjuremaken urubing dilah katah. Boten kagantjaraken lelampahaning anggènipun angringgit awit para maos sampun temtu njumerepi.
Katjarijos anggènipun ngringgit dalang Ganda sampun dumugi kalih dalu, sesampuning pragat pangringgitipun dalang Ganda neda pamit mantuk sakantjanipun.
Kjai Bangsadarma: ,,Inggih, kang Ganda, sanget ing panarimah kula awit anggèn sampéjan ngringgit damel suka bingahing kadang warga kula sadaja; déné anggèn sampéjan angringgit kalih dinten kalih dalu kula aturi kawan dasa ringgit, sarta sampéjan kula bektani kunir sakedik kinarja usada padaran mules, sanadyan sakit sanèsipun kénging kadamel sarana; punapa malih kula meling, salebeting sampéjan wonten baita sampun ngantos njebut asmaning Pangéran, punika awisanipun lèpèn Tuntang, jèn katerak asring manggih bebaja."
,,Nun inggih, kjai lurah, baḍé kula éstokaken; manawi sampun terang dawuh sampéjan, kjai lurah, kula njuwun mundur sakantja sadaja."
,,Inggih kang Ganda, kula asuka wiludjeng sadajanipun." Sareng dalang Ganda sampun dumugi sadjawining kori, pitakèn kalih pangenḍang: ,,É, Tjremakarja, kunir mau kowé apa ora lali ?"
,,Boten kang, punika kula bekta."
,,Sukur, di, senadjan ing Salatiga ora kurang kunir, aèngé déné pawèwèhé kjai petinggi, takkira gedé paédahé.
Lah, Tjrema, kang separo takgawané, kang separo gawanen!"
Ladjeng kabuntel saputangan gembaja katangsulan ladjeng dipun sabukaken kentjeng, Tjrema inggih makaten.
Sadumuginipun ing babagan dalang Ganda tuwin sakantjanipun sami numpak baita kados nalika pangkatipun; lampahing baita milir para nijaga sami asuka-bingah awit baḍé pikantuk panduman jatra katah. Sareng dumugi sanginggiling kreteg Tuntang, dalang Ganda teka kasupèn welingipun kjai Bangsadarma, dumadakan anjebut asmaning Pangéran: ,,E, kantja kuwasaning Gusti Allah iku ora kena
110