Menyang kontèn

Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/111

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

„Kula nuwun, kjai lurah, pasang aliman tabé, linepatna saru sikuning lampah kula, mugi aparinga ing pangaksama."

„Inggih, kang Ganda, sami-sami kémawon, kula asuka pambagé ḍateng kang Ganda sakantja sampéjan sadaja, punapa sami rahardja?"

„O, inggih, kjai lurah, saking pangèstu sampéjan sami rahaju."

„Mila kang Ganda kula purih ngringgit kalih dinten kalih dalu, awit kula sakantja baḍé sidekah merti dusun. Mangké dalu kula neda lampahan Wiwaha, awit kula remen nalika Ardjuna bantah kalih resi Padya. Lah, béndjing sonten kula neda lampahan Bratajuda nalika sang prabu Salya nata ing Mandraka madeg sénapati ngalaga ing Kurawa."

„Nun inggih, kjai lurah."

„Kang Ganda sakantja sampéjan, sarèhné sajah sampéjan ngaso wonten grija pisang salirang, dados mangké sonten boten rekaos."

„Inggih kjai lurah, sakalangkung sanget panuwun bingah ing manah kula."

Kotjap, dalang Ganda lèrèh pondokan tamu ingkang kawastanan pisang salirang, ingriku sampun kagelaran babut prangwadani saking sutra diwangga, tuwin bantal-bantal inggih sampun kasedijanan, sarta gandanipun amrik arum angambar. Boten dangu ing pambudja medal wédang lan panganan awarni-warni, déné piringipun sadaja kantjana punapa déné talam pataḍahan inggih kantjana tinarètès ing sesotya. Jèn katingalan tjahjanipun murub amadangi ing gedang salirang. Dalang Ganda andjenger aningali rerampadan ingkang éndah warninipun, ladjeng witjanten ḍateng kantjanipun djuru pangendang nama Tjremakarja: ,,É, Tjremakarja, iki panggonan dudu suwadiné; aku iki nalika ngabdi ana Kusumadilagan Surakarta, mèh saben dina aku ndèrèk kangdjeng pangéran malebu marang kaḍaton, nanging ora mengkono pirantiné, piring ija piring blaka. Ingkang Sinuhun ora kagungan kang mangkono rupané bekakas. Kang katjarita kadatoné kangdjeng njai ratu sagara Kidul kasebut ing babad Mataram, bekakasé mengkono rupané; wis temtu iki negara pangalapan, mulané kowé kang prajitna lan adja pisan duwé kamélikan apa-apa; jèn atimu sutji mesti rahardja."

Tumunten gumantos segah warni sekul ulam sapanunggilanipun, pirantosipun boten sanès kalijan ingadjeng. Ingkang angladosi angidjabaken:

„Punika kijai, sampéjan dipun-aturi dahar sawontenipun."

„É, inggih sakalangkung panuwun kula." Dalang sakantjanipun ladjeng sami neda sarta anggènipun neda sakalangkung déning miraos.

Kotjap, sampun wantji serap surja, dalang Ganda sanijaganipun sampun madjeng ḍateng penḍapi, anata gamelan saléndro tuwin ringgit ingkang baḍé kanggé, dalang Ganda sakamantyan gawoking manah, déné angungkuli gamelan kraton; menggah udjuding ringgit sadaja gegelipun emas mawi kapatik ing sesotya barléjan, punapa malih ringgit-ringgit para ratu sinukarta sesotya sadaja, tangsuling gapit kawat kantjana, déné gapitipun sadaja saking salaka. Ringgit ladjeng kapanggung kados adat baḍé kadamel angringgit. Déné dalang anggènipun anata ringgit tuwin gamelan wonten ing grija paringgitan, ing

109