Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

gap dateng kula. Lah, ringgit tuwin gamelan kadospundi pambekta-nipun, awit langkung tebih saking ngriki?" ,,O,kjai,boten susah mbekta saking ngriki, sadèrêk, awit lurah kula sam-pun gadah pijambak, ringgit purwa sakotak, punapa malih gamelan inggih sampun gadah kalih rantjak, saléndro kalijan pélog. Lah, ga. punika kula ngaturi pandjer kalih ringgit.

 Inggih, sadèrèk, kula tampèni, Jan malih béndjing dinten Dje- muwah Legi éndjing kula neda petukan kapal tumpakan kalih.

,,Bab tumpakan sampun kuwatos, nanging kula badé mgaturi jatra paséwaning kapal kémawon saking Salatiga ngriki dumugi kretek Tun- tang ; ing Tuntang kula petuk baita kekalih ingkang ageng; saking Tuntang sampéjan numpak baita ngantos dumugi dusun Tjandidukuh, Ing sapunika sampéjan kula aturi ingkang minangka paséwaning kapal kalih ringgit, ing dinten Djemuwah kula metuk wonten ing kreteg Tuntang.”

 ,,Inggih, sadèrèk, sanget panarimah kula, kula kantja nijaga sa-

 ,,E, mèh supé, Tjandidukuh punika tebih tijang: sadé tjandus; béndjing menawi kjai pangkat kula aturi mbekta saking ngriki.” Dalang Ganda witjanten: ,,Jèn mekaten tjadong. kula tjandu kalih dinten kula teda sapunika, déné tadah kula sadinten sadalu sa- ringgit, dados kalih ringgit.”

 Inggih, kjai, sapunika sampéjan- kula aturi kalih ringgit. Sarèh- ning sampun terang kula sampéjan lilani mundur.”

 Inggih, sedèrèk, kula anjangoni wiludjeng: kémawon.”

,, Inggih, kjai.”Sareng sampun dumugi dinten wignja sakantjanipun nijag nga Djemuwah Lepi, dalang Ganda- a sanga, pangkat saking Salatiga ; sareng dumugi ing Tuntang petukan baita dateng, dalang Ganda sakantja- ailu ladjeng numpak baita, lampahipun mudik kalijan abingah-bi- ngah.  Boten katjarijos lampahipun wonten ing rawa, sampun dumugi ing dusun Tjandidukuh, nanging sajektosipun sanès dusun Tjandidu- kuh, inggih punika ingkang winastan Pening. Sareng dalang Ganda sampun mentas dateng darat aningali dusun ageng kados negari, grija- grija langkung katah babandjengan afarik-tarik; déné radinan ka- tingal wijar bawéra kentjeng resik, tataning tijang gegrija angadjeng- aken radinan sarta ingadjeng mawi sekètèng sadaja, tengahing dusun mawi alun-alun sarta kataneman waringin kurung djèdjèr kalih, ing tepimng alun-alun ugi kataneman waringin atarik-tarik sami ageng- Ipun, Ladjeng katingal Brija ageng-ageng djèdjèr tetiga, pendapi, pringgitan sarta grija wingking tuwin gedang selirang, gandok, Saking alun-alun lumebetipun mawi kori ageng kadjagi tijang katah.

 Kotjap, dalang Gandawignja sakantjanipun malebet ing kori ageng ladjeng ngambah palataran wijar dumugi ing pendapi. Kjai Bangsa- darma saweg linggih ing pendapi dipun adep para panekaripun katah, Wantah dalang Ganda dateng, énggal angawé-awé ngundang kapurih njelak,

108