djedjelan uwang kertas ngantos katah, kinten-kinten wonten gangsal èwu rupijah. Sesampuning rampung pamatrapipun rapet boten kata- wis, masbèi wangsul tjengkélak dateng panggènanipun kakang alang- alang ingkang saweg angisah-isahi. Sareng b A. Laa angisah-isahi sampun rampung, ladjeng kaparingan neda tuwuk, nunten kabajar pa- numbasipun alang-alang sangang uwang. Masbèi witjanten : ,,Êmpun ta pikulané alang-alang ndika tjopot, ndika gawa mulih, alang-alangé ndika sèndèkaké pager bata.”
Sesampunipun si kakang alang-alang njopot pikulan anjèndèka- ken alang-alang, ladjeng mantuk sarwi mbekta pikulan. Sikakang bungah : alang-alang paju Jarang, weteng wareg tampa uwang | Ga- gasanipun : ,,Ah, bésuk daktawa mréné manèh baé !”
Kotjapa kakang alang-alang ngutu lumampah mantuk sarwi mbek- ta pikulan pring. Sareng lampahipun saweg dumugi ing lèpèn Djenes sakidul Gading, si kakang alang-alang kabelet mbebutjal. Pikulanipun kasèndèkaken ing dadah pagering margi ageng, kakang alang-alang énggal mandap dateng ing lèpèn mbebutjal. Ing salebetipun mbebutjal dumadakan teka wonten tijang. klentung-klentung langkung mangidul, sumerep deling pikulan saméndé ing pager, ladjeng. kapendet, étja, kabekta aglis, bablas boten katjarijos. :
Sareng kakang alang-alang sampun rampung anggènipun mbe- butjal, ladjeng minggah ing margi; nuwèni pikulanipun sampun boten wonten, ladjeng terus: mantuk, Anggepipun : ,,Ora dadi apa, pikulan pring wé, gawé manèh rak uwis !”
Énggalipun kakang alang-alang dumugi ing -grija,; ladjeng. gotèk dateng sémahipun, S i g e g. (Dongèng tjarijosipun tijang sepuh ing djaman kina)
Djaman rumijin. wonten dalang ringgit purwa nama Gandawignja, gegrija ing kita Salatiga, pantjèn sampun kondang kapinteranipun - andalang, karana ingadjeng kawulang: kangdjeng pangéran Arja Ku- sumadilaga, ing Surakarta adiningrat,
Ing satunggiling dinten ketamuan lelembat amêénda djalma, da- tengipun kabagèkaken déning dalang Ganda: ,,fi, bagus punapa sam- péjan wiludjeng, sarta punapa ingkang dados wigatos sampéjan ?"
,,Nuwun, kjai, saking pangèstu sampéjan wiludjeng. Menggah sowan kula ing sampéjan punika kula dipun kèngkèn lurah kula nama kjai Bangsadarma, petinggi dusun Tjandidukuh bawah ing Bahrawa, menawi sampéjan dangan dipun aturi angringgit dateng grijanipun lurah kula kalih dinten kalih dalu. Déné wigatosipun sidekah merti dusun, béndjing dinten Setu Paing dumuginipun Akat Pon, tanggal kaping 14 — 15, wulan Besar ngadjeng punika.”
107