Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

 Ing sadangrunipun ameng-ameng wonten salebeting karéta, Kang-djeng Gusti wawan pangandika kalijan kjai guru, tembungipun : ,,Bapa guru, mara sadjroné mubeng-mubeng kowé matitisna ngêlmu- njra iladuni, ndelenga wong-wong endi kang tinakdir mlarat !

 Aturipun Kjai guru: ,,Nuwun inggih sendika."

 Ing sadangunipun mubeng-mubeng kjal guru amesu budi “mendeng patitising ngélmunipun, Sareng karéta sampun dumugi ing Singasarèn sakilèning Setjajudan, kjai guru ladjeng matur sarwi mariksakaken dateng Kangdjeng Gusti, tembungipun :

 ,,Tijang sadé kambengan punika Gusti, ingkang. tinakdir mlarat, boten saged sugih.”

 Kangdjeng Gusti ladjeng maspadakaken dateng tijang ingkang kapratélakaken sadé alang-alang wonten sapinggiring margi Singa- sarên, titihan karéta taksih terus Jumampah. Sareng. sampun dumugi ing dalem, Kangdjeng Gusti ladjeng tumedak saking. karéta, énggal ndawuhaken bebisik dateng mantri ingkang:katjelak, ndikakaken num- bas kambenganipun tijang. ingkang kawetja kjai guru wau, ladjeng bibaran.

 Masbèi Mantri énggal lumampah rerikatan. Sareng sampun. du- mugi Singasarèn, ladjeng pinanggih kalijan tijang sadé kambengan ingkang kénging wetja, tembungipun : Kakang “adol alang-alang, alang-alang dika niku regané pinten?”

 Wangsulanipun : ,,Mangga mawon, sing empun kalampahan gang- = sal welas uwang.”

 Masbèi ngawis : ,,Jèn olèh wolung uwang daweg ndika teraké teng Mangkunagaran,”

 Si kakang alang-alang amangsuli malih : sampun ta kula sukak- aken sangang uwang jèn kersa masbêèi 1?

 ,,Nggih ta, daweg ndika gawa.”  Ladjeng sami lumampah, masbèi kairing ing pikulan alang-alang. Sareng dumugi Mangkunagaran, kadjudjugaken ing pengkeran sakilèn Udjung puri. Masbèi ladjeng witjanten : ,,Empun ndika-sêlèhaké ngri- ku mawon, ndika entèni disik.”

 Kakang alang-alang mangsuli :,,Inggih!"

 Wekdal punika Kangdjeng Gusti bèi énggal marak ing ngarsa dalem sarèhing dinuta, Kangdjeng Gusti alonangandika: ,,Mara ditjedak maréné.”

 Sareng Masbèi sampun njelak, ladjeng winangsit seperlunipun ta- rékah ingkang dados kersanipun Kangdjeng Gusti. Masbèi tampi wangsit sedaja sedaja sampun mangertos. Kangdjeng Gusti ladjeng kondur ing dalem, Masbèi wangsul dateng panppènani kakang alang-alang awitjanten : ,,Kang, ndika teng buri ngrika disik, alang-alangé ndika tinggal mawon ngriku


 Kakang lang-alang mi turut ing pakèn,ladjen kapernahaken kapurih angisahi piring sarta bala petjah sawetawis, Sesampunipun sapernaken alang-alang tumandang, Masbèi wangsul da-ban ingkang tinilar, ladjeng. nandukaken taré- ih punika deling pikulanipun kambengan ka-

106