Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/107

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Ri seḍeng nèng bajantaka, kalamun ana käng wèri, nungkul wus buwang warastra, nora wenang dèn patèni, binandang iku wadjib, jen kantia nemu lampus, tetep anganiaja, gawé nistaning pradjurit, nemu dosa temah apes ing ngajuda.
  2. Mengkono prijangganira, jèn kaselut ing ngadjurit, adja gugup den prajitna, ing tékad dipun patitis, awit wong murwèng djurit, ana pepangkatanipun, nisṭa madya utama, jen kober dipun èngeti, kanistané wong kaselut nèng ranangga.
  3. Ing papan nora kutjiwa, gegaman samapta sami, atanḍing paḍa kèhira, tanpa kiwul ing adjurit, tangeh ana pepati, mjang tan ana nandang tatu, mundur tan palarasan, mung labet kekes ing ati, kang mangkono antuk dosa tri prakara.
  4. Ḍingin marang ing narèndra, dènira tjidra ing djangdji, kapinḍo ngasorken pradja, kang muljakken marang ḍiri, katrinma mring hjang Widdhi, ngukuhi gaḍuhanipun, kokum pantes linunas, paḍané sato wanadri, jen djalmaa jekti. ana tékadira.
  5. Madyané para prawira, jèn kaseser ing adjurit, nadyan kèh keḍiké paḍa, kasor papané kasupit, mundur amrih pakolih, ing pangolah nora gugup, sarana winiwéka, kaangkah denja mangungkih, jèn sinerang rikat rinupek marwasa.
  6. Utamanirèng prawira, senadyan karoban tanding, tatag tur simpen wiwéka, wengkoning papan liningling, linanglangan kang wèri, endi kang suda ing purun, pinarak pinarwasa, winisésa amrih titih, éstu djaja sahaja samja rahardja.
  7. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 

    (Wira wijata.)


XXI. TIJANG INGKANG TINAKDIR MLARAT


Nalika Kangdjeng Gusti Pangéran Adipati Arja Mangkunagara ingkang kaping IV ing Surakarta karsa nggeguru ḍateng setunggiling tijang ahli ngèlmu iladuni prekawis pepesṭèning manungsa ingkang tinakdir sugih utawi miskin, kalampahan angsal guru waskiṭa sidik ing pametja, Nanging sadèrèngipun kapuruhitan karsanipun Kangdjeng Gusti guru wau baḍé katjobi rumijin kanjatanipun.

Katjarijos setunggiling dinten Kangdjeng Gusti karsa teḍak ameng-ameng mubeng salebcting negari. Kjai guru kakarsakaken ndoḍèrek nitih wonten salebeting karéta tinarik kuda sekawan, kaploporan, déning drahgunder, mawi kaḍèrèkaken ing punggawa panèwu mantri sawa-awis sami anumpak kapal. Tedakipun Kangdjeng Gusti wiwit éndjing Jam 8.— saking margi ageng Mangkunagaran dumugi ing glaḍag terus mangétan, ladjeng ménggok mangidul dumugi ing Baturana, ladjeng ménggok mangilèn ménggok dumugi ing Gaḍing, terus mangilen dumugi ing Serengan, ladjeng ménggok mangalèr sampun djam setengah sanga.

105