Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Wruhanta lelakonira, sedjatiné wus angemping, mring pradja miwah naréndra, déné durung potang kardi, sira wus dèn paringi, sanḍang pangan ora kantu, sinuba kinurmatan, pundjul sasama ing abdi, munggah médja linilan lungguh satata.
  2. Apa kang sira upaja, kamuljan anèng negari, ingadjènan mring sasama, njawabi mring anak rabi, nadyan para maharsi, ingkane tapa neng asamun, mong tani lan nangkoda, rinéwangan anderpati, nora lijan kamuljan kang dèn upaja.
  3. Upamané raganira, nora dadia pradjurit, ija maksih mangan sega, apa déné nginum warih, saking wetuning bumi, uga. kagunganing ratu, lan sira ingajoman, rinaksa kalawan adil, lamun datan rumangsa sira duraka.
  4. Marma den sumurup sira, mring sih kamuljaning Gusti, béndjang jen tinuduh sira, lumawan ngadoni djurit, jèku karjanta jekti, pangudangirèng gustimu, kono adja pepéka, dèn madep marang sawidji, nanging tjipta sedyakna males mring pradja.
  5. Praptèng papan tjumaḍanga, ing paréntah sénapati, adja abawa prijangga, dumeh sira banda wani, lumangkah mrih ngulabi, kang mangkono sasat mungsuh, gawé guguping rowang, wèh giḍuh ing sénapati, jèn kasora dadi sira antuk dosa.
  6. Lungguhing pará prawira, jen ana madyaning djurit, nora wenang duwé karsa, ragané pama djemparing, kang musṭi sénapati, ing sakarsa dkang pinanduk, linepas jwa saranta, angsahira dèn mranani, maring mungsuh adja kéguh ing bebaja.
  7. Dèn kadi sang Parta-suta, Bimanju kala tinuding, mangrurah kang gelar tjakra, déning sang Juḍisṭiradji, sukaning tyas tan sipi, dupi rinoban ing mungsuh, kèsṭi trahing satrija, wedi wirang wani pati, jeka mangka tamsiling para prawira.
  8. Kono seḍengé meḍarna, ing kasuran guna sekti, njirnakna paningalira, ing tékad jwa walang ati, wruhanta sénapati, wakiling gusti satuhu, gusti wakiling Suksma, kang kinon angudanèni, mring kawula kang sumedya mrih utama.
  9. Paḍa ingaran utama, ing pakarjan mangun djurit, iku kang luhur prijangga, wus kasebut lajang Sruti, jen tapaning pradjurit, ngasorken tapaning wiku, wit sumungkuning pudja, nèng putjuking gunung wesi, sang panḍita aneng putjuking aldaka.
  10. Ing tékad dipun sentosa, adja angrasani pati, awit tan winenang sira, gumantung karsaning Widdhi, jèn wus tibaning pasṭi, nora kurang marganipun, ala mati neng wisma, betjik mati kang utami, tur sumbaga dadi ngamalé trahira.
  11. Wus ana kajektènira, sang Parta-suta ing nguni, palastra aneng palagan, lawan legawaning ati, wit dènnja anglabuhi, Panḍawa manggiha unggul, puwarantuk nugraha, sira wau Parta-siwi, turunipun angratoni tanah Djawa.
  12. Lamun durung takdirira, nadyan ana hru saketi, jèn tan waswas ing wardaja, sajekti nora ngenani, amung sadjroning djurit, adja sira darbé kajun, ing lair amanuta, ing sakarsa sénapati, batinira kumambanga ing Wisésa.

104