Kaca:Pethikan Manca Warna Sastra Pustaka.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
XX. WIRA WIJATA

Sinom

  1. Srinaṭa déra_ makirtya, Wira wijata nudjwari, Respati tanggal sapisan, sasi Saban wuku Wukir, Ehé sangkalèng warsi, murtyasṭa amulang sunu, asung wasijat putra, Djeng Gusti Pangran Dipati, Arja Mangku Nagara ingkang kaping pat.
  2. Iki ta wasitaning wang, marang kang dadi pradjurit, adja kemba ing wardaja, rèhné wus sira lakoni, balik dipun nastiti, marang ing kuwadjibanmu, owelen sariranta, reksanen luhurmu sami, jèn kutjiwa gawé punggel dradjatira.
  3. Awit sira wus prasetya, nalika djinundjung linggih, saguh nut anggering pradja, mjang pakoning narapati, sineksèn dèn èstrèni, mring para wira sawegung, upama sira tjidra, njirnakken adjining ḍiri, temah nista weh wirang ing jajah réna.
  4. Jwa sira duwé pangira, lamun wong dadi pradjurit, karjané abot prijangga, wruhanta sagung pakarti, kabèh dunja puniki, tan ana prabédanipun, kang dagang neng lautan, miwah ingkang among tani, sumawana kang suwita ing naréndra.
  5. Mjang kang tapa djroning guwa, kang manusup ing asepi, lakoné paḍa kéwala, awit iku dadi margi, mrih katekaning kapti, sapangkaté pandumipun, nanging sarananira, mantep temen lan taberi, samaptané ingaranan laksitardja.
  6. Lawan sira sumurupa, kang kalebu pangabekti, nora sembahjang kéwala, kang dadi parenging Widdhi kabeh panggawé, betjik, kang mantep sutji ing kalbu, uga dadi panembah, jèn, katrima iku sami, sinung rahmat samurwaté badanira.
  7. Lamun tan mawa sarana, paran katekaning kapti, lir beḍag tanpa sendjata, ing ngatasira Hjang Widdhi, tan karsa mituruti, marang wong kang tanpa laku, nir ngamal mjang panembah, kumudu dipun turuti, ngendi ana gusti rineh ing kawula.
  8. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . 
  9. Déné djedjeré wandanta, ing mengko dadi pradjurit, madju baris lawan djaga, tijori lès lan sepèksi, iku dudu pakarti, adjar-adjar djenengipun, wus dadi wadjibira, pradjurit dipun geladi, pepaḍané santri ingadjar sembahjang.
  10. Sinung ukum sawetara, jèn anglirwakken ing wadjib, iku wus lakuning pradja, djedjegé kalawan ngadil, senadyan sira nguni, duk ngèngèr jajah-rénamu, jen luput rinengonan, utawa dèn djemalani, dadi sira wineruhken tata krama.
  11. Mengkono uga jèn bisa, miturut sarta nglakoni, temtu dèn opahi sira, wit gawé leganing ati, akeh tuwin seṭiṭik, minurwatan karjanipun, tan béda patrapira, pradjurit djinundjung linggih, mjang ingundur iku ngadil djenengira.
  12. Jen tan bisa samaptanja, nora djumeneng pradjurit, gawé tuna marang pradja, wèh lingsem ing nara pati, amung sira pribadi, kang nḍuwurken pijangkuhmu, mung lagi bisa aba, anggepmu mbituhken nagri, jwa kebandjur duwé tjipta kang mengkana.

103