Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
3. GURULAGU LAN GURUWITJALAN.

Sanadyan tiyang sampun mangertos ḍateng gurulagu, nanging derèng mangertos ḍateng guruwitjalan, pandamelipun sekar asring kirang- langkung, ingkang dipun uger namung antuking gurulagu kemawon. Anggèning ngugemi makaten wau namung saking dèrèng sumerepipun ḍateng paṭokaning guruwitjalan. Nanging tumrapipun ing djaman sapunika, saawon-awonaning sekaran, meksa sampun anglenggahi ḍateng gurulagu, awit gurulagu punika rumasukipun ḍateng pikiran rumijin pijambak. Sanadyan tijang boten sumerep ing tulis, boten gaḍah apalan, nanging mangertos ḍateng gurulagu, upamanipun Ḍanḍanggula, inggih ladjeng saged rengeng-rengeng:

  1. aninunong aninong unaning,
  2. aninunong aninong ununa (ing wekasan legena limrahipun dipun ketjapaken: nong),
  3. uninanong uninané,
  4. unong aning unanung,
  5. aninong, aning una,
  6. aninanong uning unaning,
  7. aninong unanung,
  8. aninunong aninong anong unaning,
  9. aninunong aninuna,
  10. unong aning ununa.

Rengeng-rengeng kados makaten punika nama sampun anglenggahi gurulagu tuwin guruwitjalanipun,

Menggah ing gurulagu, punika manawi ngantos malèsèd ḍawah sanès leresipun, keraos boten sakétja sanget. Nanging nama kesangeten manawi wonten sekaran ingkang ngantos kados makaten gurulagunipun. Wonten apalan limrah ingkang gurulagunipun anggarondjal sangat, tur sampun boten kénging dipun puwung, kados inganḍap punika:

Patuté tas mbabar anjar, (tumraping aksara Latin, dajasastra punika gampil ladjeng kawudjudaken djangkep, inggih punika tembung mbabar, manawi aksara Djawi namung kaserat ing aksara ba lugu).

mijos kakung warnané langkung pekik, dregang-dregang tiru bijung, nangis ndjaluk lajangan, (tembung ndjaluk manawi ing aksara Djawi