Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
nganggé dajasastra djaluk).

nora kétang sun rewangi mènèk gurḍa luwih luhur,

nututi lajangan peḍot,

................

Pada ing pungkasan punika boten sakétja sanget, awit lepat, leresipun ḍawah legena, teka dados taling tarung (a dados o). Déné bab guru-witjalan wonten ingkang langkung, nanging dèrèng katjarijosaken ingriki. Dados gurulagu punika paṭokanipun baḍé njumerepi laguning satunggal-satunggalipun sekar ing saben pada lingsa ing salebeting pada sekar.

Déné bab guruwitjalan, punika baku ageng ingkang kedah kasumerepan sesarengan kalijan gurulagu, awit guruwitjalan punika nerangaken tjatjahing aksara ing saben sapadalingsa; pangétangipun kedal tjotjog kados punapa mesṭinipun, manawi ngantos kirang utawi langkung, kadjawi raosipun ḍateng pamireng boten sakétja, ugi nama kutjiwa sanget menggah ing sekaran. Kirang langkunging guruwitjalan punika asring pinanggih wonten ing tijang ingkang saweg djadjal-djadjal njekaraken, nanging ingkang limrah langkung, pinanggihipun makaten wau bokmanawi djalaran saking dèrèng kulina. Tjeṭaning guruwitjalan baḍé kaseksèn wonten ing wewarah bab peḍotan. Tumrap ing serat-serat waosan, mèh boten wonten guruwitjalan ingkang kirang langkung, awit sampun dipun satitèkaken sanget.

Déné pasaksèning guruwitjalan ingkang boten netepi ing paṭokan, ingkang kaṭah pinanggih ing apalan kina, kadosta ingkang kasebut ing, pepiritan sekar pangkur inginggil, padalingsa ingkang kaping gangsal: nora kétang sun réwangi mènèk gurḍa luwih luhur. Punika langkung kawan wanda.

Panunggilanipun malih:

Ḍanḍanggula.

Semut ireng anak-anak sapi,

kebo bongkang njabrang kali bangawan (Langkung sawanda),

kéjong gonḍang tjerak sunguté,  ()

timun wuku goḍong wolu, ()

Surabaja gègèr kepati,

ana wong ngojak matjan,

dèn waḍahi bumbung,

alun-alun Kartasura,

gadjah meta tjinantjang wit sidaguri,

patinja tjinèkèr ajam. (Langkung sawanda).