Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
2. INGKANG DADOS TATARANIPUN TIJANG BAḌÉ NJEKARAKEN.

Tijang baḍé njekaraken punika sakawit kedah kulina maos serat-serat waosan, sukur saged andjadjah ḍateng satunggal-satunggaling serat. Perlunipun andjadjah maos serat-serat waosan:

  1. Saged kulina ḍateng gurulagu sarta guruwitjalan ing sawarnining sekar.
  2. Sumerep ḍateng awon-saéning ukara.
  3. wewatekaning sekar.
  4. leres lepating ukara.
  5. basa Kawi ingkang kelimrah kanggé ing sekar.
  1. Kulina ḍateng gurulaguning sekar punika saged nuwuhaken raos ḍateng sakétjaning ḍong-ḍing, ladjeng angraosaken ḍateng leresing gurulagu, guruwitjalan tuwin peḍotan.
  2. Awon saéning ukara baḍé keraos bilih tijang sampun andjadjah ḍateng serat-serat waosan. Keraosipun djalaran saking saged nimbangaken ngrika-ngriki, tuwin ladjeng sumerep ḍateng purwakanṭi, sengseming sekar, guruwitjalan tuwin sangkalan.
  3. Sumerepipun ḍateng wewatekaning sekar, ladjeng saged memantes ḍateng manggèning sekar, upaminipun sekar Durma, kanggé tjarijosmanawi nudju seneng.
  4. Leres-lepating ukara punika saged njumerepi saking pamanggèning pada.
  5. Njumerepi basa Kawi, punika saged anglenggahaken sakétjaning ukara, awit saged nenitèni dateng wontenipun basa Kawi ingkang kerep kesrambah.

Pratélan inginggil punika nama namung greban, oréanipun ingkang pandjang baḍé kapratélakaken ing wingking. Déné perlunipun, inggih punika namung ngulinakaken maos, awit, tijang ingkang sinau njekaraken, sanadyan sumerep ing patokan, nanging boten ndjadjah ḍateng serat-serat, inggih boten saged saé, déning kirang pepiritan.