Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

38

tumbuk juswa 32 taun. Amila kula sakantja sadają sami anguudjukaken pamudji kasugengandalem saha garwadalem Gusti Kangdjeng Ratu Paku Buwana, punapadéné para putra putridalem sadaja, mugi-mugi tambaha pandjanging juswadalem sawewengkonipuli, lumèbèra narambahi karahardjaning pradjadalem, utawi tatatentremimipun para santana abdidalem sadaja.

Panembramanipun linuting genḍing loṭung-loṭung.

  1. Pambuka bakuning ulun, sinatata mangendjali, bupati mjang kliwonira, punggawa panèwu mantri, rèh Pangrembé pamadjegan, mastawa ḍawuh Sang Adji.
  2. Memardi mardawèng tanduk, mangun rèhing subastuti, tanda sih sungkeming wadya, ing Gusti Sri Narapati, winiwaha among suka, samekta neng pantjaniti.
  3. Mènget kataman marta ju, kotaman ingkang menuhi, kalébaning wilaséndra, kaping Sadasa manḍiri, sotya kalengkaning pradja, ing. Surakarta nagari.
  4. Kang sasat anggung memaju, kajuwanan angajomi, sèsining pradja Narendra, lebet wasista ing niti, santa budya martofama, susetyambek sih ing dasih.
  5. Marmamba geng suka-sukur, tumenga mijating Gusti, Paduka Sri Naréswara, pranawa mustikèng galih, kalaban gunging sih rachmat, dèra Sang Hjang Kang Murwani.
  6. Pudji sembah mesṭi Prabu, tumbuk tridasa dwi warsi, ing sagunging karaardjan, dènira menggep mbawani, kamuljaning kawirjawan, ing kaprabon Sang Siniwi.
  7. Déné bingahing tyas ulun, kadi djiwangga kalilir, ing tirta rèh tatadarma, sumekar lir sarwa sari, waluja kataman warsa, mijat rahajuning Gusti.
  8. Jèn kinudasmarèng kidung, kinudang gita palupi, raras ruming kaarsajan, panadukaraning dasih, baja kang wignja amarma, mung para pratamèng budi.
  9. Nahen ta pamudjinipun, mugi Djeng Sri Narapati, widada dirganing juswa, sagarwa putra lestari, djinurunga ing sakarsa, awéta among sirjadi.
  10. Barkahing kabagjan Prabu, rumembes saha mimbuhi, praba prabaning Puréndra, karta ardjaning nagari, kalisa ing pantjabaja, ménak kang sarwa dumadi.
  11. Mangkja ta sapragatipun, sanityasa sru sesanti, lan sagung sembah pangargja: ulun sanggjaning wadya Dji, gumulung saékapraja, reragan murwèng sukapti.