Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

57

  1. Memudyaju, mugi Kangdjeng Sanga Prabu, mjang Sri Padnisara, lan pra putradalem sami, widadaa mangrenggani purantara.
  2. Lulus antuk, djatining kamuljan agung, rinilan ambagja, kamirahanirèng Widḍi sumarambah penuh sapradja warata.
  3. Djibar-djibur, sempulur ingkang tinandur, murah kang dén arah, pakolih ingkang pinilih, ajem tentrem kawuladalem sadaja.
  4. Enak-énuk, memangan sinambi ngantuk, iku upamanja, saking dahat sruwa-sruwi, mugi-mugi kang mangkono kalakona.

Ladjeng srepegan linut sekar pangkur.

  1. Kapungkuring rèh ḍuhkita, ngajun-ajun arsajèng waéladi, sumungkem golong gumulung, sanggjaning wrahatbala, abipraja samja sajuk memudya ju, asesanti djaja-djaja, dibja sumbaga ardjanti.
  2. Lir èsṭining para dwidja, dènira mrih ajunirèng dumadi, minta pandjalmaning Wisnu, sinru ing pudja brata, pinelenging pangastuti djro panekung, purna djatining panunggal, pamoring Hjang-Sidadjati.
  3. Mangkana pepinḍanirq, pudjamantranira kang para dasih, ing Gusti Djeng Sanga Prabu, mugi linulusena, ambawani kawibawaning kaprabun, prastawambek martotama, mardi mardawèng memanis.
  4. Sumrambah prabawanira, anartani tata ardjaning nagri, lulus kang sarwa tinandur, murah boga branarta, kalis sagung pakarti pangarubiru, kontab kamuljaning pradja, katingal sumunar wening
  5. Nahen wigatining karja, amarengi wijosan Sri Bupati, tumbuk tridasa dwi taun, ri Respati Sarkara, wuku Wugu Redjeb tanggal ping salikur, Kanem Alip sangkalanja: Panḍita ro ngèsṭi gusti.
  6. Marma Sanggjaning pratiwa, parisuka nèng ngabjantara sami, boga ndrawina balabur, mangka pratjihnanira, tresna tuhu sumungkem mring Sangaulun, puwara pelenging tjipta, ngluhurken asmaning Gusti.

Sesegan ladjeng ḍawah genḍing bojong, abdidalem Bupati sakarè rèhanipun ingkang njanggi damel sami mangkat sowan malebet, kasarengan adeging ringgit talèḍèk saha adegipun ingkang andjogèd wiwitan dalah ingkang larih.

Sasuwaking gangsa para Bupati tuwin para panèwu mantri ingkang boten njanggi damel ladjeng sami najub wonten pasowananipun pijambak-pijambak, angatogaken anggenipun among-suka, Namung Bupati Gedong Kiwa Tengen sapanekáripun sami njanggi damel sadaja, kadjawi namung kantun para garapipun ingkang kantun wonten ing pakadjangan.

Kunḍsi kawadanan Pangrembé dalah panembramanipun.

Ing dinten Kemis Legi tanggal kaping 21 wulan Redjeb taun Alip angka 1827 punika amarengi tingalandalem wijosan taun Sampéjandalem Ingkang Sinuhun Kangdjeng Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping X,