Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
  1. Titi tamating pangapus, tjinitra ri Rebo kaping,' dwidasa wimbaning tanggal, nunggil wulan miwah warsi, kinirtya sangkalanira, surak sajuk slira tunggil.

Abdidalem pun Tumenggung Wirjadiningrat.


19. SANDIASMA.

Ingkang sampun pinanggih wonten ing serat-serat waosan, ingkang kasumerepan miwiti damel sandiasma punika pandjenenganipun Radèn Ngabei Ranggawarsita, pudjangga ing nagari Surakarta. Mila dipun wastani sandiasma, awit ing serat ngriku mawi ngetrapaken asmanipun ingkang ngarang sarana sinandi.

Mirit paṭokan ingkang pinanggih wonten ing sandiasmanipun Radèn Ngabèi Ranggawarsita tuwin sanès-sanèsipun, pamasanging sandi- asma wau warni-warni, kadosta:

  1. Manggèn saben angkataning padalingsa.
  2. Manggèn saben wekasaning peḍotan.
  3. Manggen saben angkataning peḍotan.
  4. Manggèn namung sapadalingsa.
  5. Manggon saben wiwitaning pada ing sekar.
  6. Manggèn saben wiwitaning pupuh.
  7. Manggèn saben wekasaning peḍotan tuwin pungkasaning padalingsa.
  8. Manggèn saben angkataning padalingsa menḍet satembung.
    1. Pandameling sandiasma ingkang manggèn saben angkataning padalingsa, punika kadamela ing dalem sapadasekar: telas. Kadosta :

Rarasing kang sekar sarkara mrih, dén aksama déning Sang sudyarsa, ngawikani wengkuning rèh, rawèng para ratu, ilanga kang sesangker sarik, rongas wèsṭining angga, gagating tyas antuk, wartaning kang parotama, sinung tengran: Sembah trus sukaning budi, tataning kang tjarita.

(Tumrap kaserat ing aksara Latin, tataning sandiasma punika ragi kirang sreg, djalaran saking paṭokan paramasastra, tembung rongas, djalaran taling tarung, Kedah nganggé o, déné gagat nganggé a, .dados ungelipun rongga, tuwin rawèng boten rawèng, dados mungel Ngabéi. Manawi tumrap aksara Djawi, taling punika asuwara é utawi è).

Dumugining pada sampun telas, isi sandiasma: Radèn Ngabèi Ranggawarsita.

Dados tijang damel sandiasma makaten punika sampun ngantos mirungakaken ukara ing sapadalingsa ingkang ngantos boten isi sandiasma, makaten ugi sampun ngantos notjok dateng padalingsa pérangan