Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

56

  1. Nanging mungguh karepanmu kuwi, ja sapa sing weroh, samubarang lelakon mbésuké, ora ana sing bisa ngarani, kang sing mèh dadi, gampang baé mrutjut.
  2. Karo manèh kowé tak kanḍani, karepmu sing ngono, kaja-kaja dudu suwadiné, jaké saka kegawa numusi, kowé tak dongengi, bèn suda seḍihmu.

18. PANEMBRAMA.

Panembrama punika kadjengipun pamudji sinawung ing sekar kanggé anggérong genḍing. Pamudji wau tumudju ḍateng wiludjenging pangantèn, tijang ingkang dipun pèngeti tuwin sanès-sanèsipun. Menggah ing panembrama punika limrahipun basa tuwin iketaning sekar: saé, awit damelanipun tijang ingkang sampun winitjal saged. Wonten panembrama ingkang sampun kawedalaken dados buku, inggih punika panembramadalem K.G.P.A.A. Mangkunagara IV ing Surakarta. Wonten malih panembramadalem Sampéjandalem Ingkang Sinuhun Kangdjeng Susuhunan Paku Buwana X, kala ngleresi tumbukdalem juswa 32 tahun. Panembrama wau kaṭah, sami damelanipun para saged ing Surakarta, inggih punika panembramanipun saben kabupatèn ing Surakarta, sadaja wonten 16 kabupatèn, ingriki namung kapenḍet 2 ingkang sae pijambak, 1 kabupaten Kalang, ukaranipun prasadja, Kawinipun limrah, purwakanṭinipun guruswara tuwin gurusastra saé; 2 kabupaten Pangrembé, ukaranipun saé, ragi brai, Panembrama 2 wau kapeṭik dalah kundisinipun kados inganḍap punika:

Panembrama minangka pamudjinipun abdidalem Kalang kabarung ing genḍing Srikastawa, pélog paṭet barang.

Punika pamudjinipun sadaja punggawa mantri ing wantji dalu punika, pinudju dinten Kemis Legi kaping 21 ing wulan Redjeb, wuku Wugu angka 1827, angleresi tingalandalem tumbuk 32. Kula akalajan kantja kaliwon panèwu mantri dalah abdidalem siwul tuwin sanèsipun malih ingkang wonten pasowanan saha ingkang sami pamit suker-sakit wonten ing grija sadaja memudji, mugi Kangdjeng Sanga Prabu saha Kangdjeng Prameswaridalem saputradalem sadają sugeng luhur sapanginggil, pradjadalem tentrem tata boten wonten kawis-kawis.

Sareng sampun mudji wau sadaja panèwu mantri ladjeng ramé najuban neḍa ngombé waradin gegérongan kasekaraken kinanti, ḍawah ajak-ajakan binarung sekar putjung.

  1. Wawi sagung, kantja sami nembang putjung, wit ratri punika, wijosandalem Sang Adji, mangastawa anjenjambi suka-suka.