Kaca iki wis dikorèksi
55
- Djaka Subur alon amangsuli: „Anu aku embok, ija duwé pikiran sapélé, nanging aṭik tansah dadi ati, tekané saiki, adjeg isih nglantur."
- Mak djedjinggat kambi ngalih linggih, bok waranda takon. „Wis mangkono wateke tjah geḍé, duwé pikir anerusi ati, apa ṭolé kuwi, kandakna sing urut."
- Bandjur kanḍa tjalaṭuné lirih: „Jèn tak gagas notog, énak owung ngèngèr pjaji geḍé, jèn ketrima bisa dadi pjaji, ḍasar sugih ḍuwit, sakarepé tutug."
- Sanalika kumenjut ing ati, bokné krungu ngono, banget krasa-rasa ing uripé, maripaté nganti mrebes mili, wusana mangsuli, tungtung seseg sungsun:
- „0 anakku déné duwé pikir, sing nganti samono, ora éling menjang wong tuwané, agatasé wong tjilik ongklak-angklik, ngengèra prijaji, ja mung dadi batur.
- Pawitané wong ngawula kuwi, ṭolé banget abot, mungguh kowé djeneng ora duwé, banḍa apa sing kanggo nguwati, pintermu mung tani, njekel garu luku.
- Iku baé mung saka nenempil, srah bau njang uwong, kowé djeneng ora duwé ḍéwé, mangka uwong ngawula prijaji, kudu betjik apik, tatakrama weruh.
- Mesṭi baé jèn sing njawang kuwi, ja mung kapéngin tok, ora ngerti jèn abot sanggané, karo manèh jèn kabèh kapéngin, arep dadi pjaji, sapa ponḍong pikul."
- Akèh-akèh anggoné nuturi, ora peḍot-peḍot, nanging Djaka Subur ing batiné, meksa kentjeng anuruti ati, dadi tansah mikir, wusana tjalaṭu
- „Sapa bijung sing ora kapéngin, arep dadi uwong, saben irung jaké paḍa baé, sapa trima dadi tani mleni, jèn bisaa ngudi, ja kapéngin luhur.
- Ḍasar anom tur dadi pradjurit, wani perang tanggon, jèn perangan pidjer menang baé, saben uwong mesṭi ngalem betjik, jèn aku sing dadi, atimu sagunung.
- Bokné nganti angguju njekikik: „Pantjèn ija ngono, lagi kanḍa atiku wis geḍé, saupama kowé klakon dadi, mbuh rasaning ati, jaké ja ngrenggunuk.
- Nanging ṭolé rerembugan iki, madu balung koṭong, bebasan wong njawat lintang geḍé, disawat lan balang kaju garing, keselé wis mesṭi, tangèh bisa tutug.