Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

54

  1. Apa liré kang ingatan bétjik, ati temen mungkul mring gawéan, njukupi marang wadjibé, iku ugering laku, gegangen lan pamarsudi, lamun bisa mangkana, wus njukupi butuh, kanggo sanguning ngagesang, rangkepané mung taberi lawan gemi, iku ngèlming donja.

17. SEKARAN INGKANG TANPA KAWI BABARPISAN KANGGÉ WAOSAN LARÉ
Peṭikan serat Kepatèn obor, wedalan Balai Pustaka.
  1. Sanjatané lajang watjan iki, mung dongeng pasemon, kanggo sambèn saselaning gawé, upamané melèk wajah bengi, kena nggo njagaki, dadi tamba ngantuk.
  2. Jèn diwatja tjeḍak botjah tjilik, ana ing paturon, marakaké gampang ing turuné, jèn tjeḍakan uwong suker-sakit, wong kang milu linggih, ora kudu turu.
  3. Jèn nengahi paḍa ngelak-ngelik, lali ngelèh ngorong, saja geḍé mupangaté manèh, jèn matjané nganggo diselani, omah diubengi, maling paḍa bingung.
  4. Jèn digarap kanti ngati-ati, mupangaté élok, ora bakal amoh salawasé, tjekakané lajang watjan iki, kena diarani, kaja lajang kidung.
  5. Ing saiki betjik diwiwiti: kot japa ana wong, wis waranda banget melaraté, uripé mung adol kentjur sunti, duwé anak sidji, lanang uwis ngumur.
  6. Ingatasé uwong désa miskin, ing rupa wis montjol, ora kalah lan botjah lijané, sing kawilang anaké wong sugih, sanadyan prijaji, ora kalah bagus.
  7. Karo duwé wewatekan betjik, gawé reseping wong, ranḍa mau ketelah djenengé, njai Ḍukun saka sok nulungi, ing wong suker-sakit, awit ngreti djamu.
  8. Déné djaka mau diparabi, djeneng Subur manggon, awit botjah salawas-lawasé, ngelu mules sasat paḍa njirik, nadyan tjilik nanging, awak kentjeng bakuh.
  9. Katjarita nudju wajah bengi, paḍangé mantjorong, lintang-lintang kétok paḍa njelé, kaja wedi anjeḍaki gusti, gustiné ja kuwi, rembulan sing munggul.
  10. Njai ranḍa linggih gelik-gelik, ana nglatar timpoh, Djaka Subur linggih ing sanḍingé, lan andangak pidjer njawang langit, mripat ketip-ketip, karo ngrangkul ḍengkul.
  11. Bok waranda nganti njapa lirih:, „Adja ḍelog-ḍelog, munḍak ana sétan mampir ṭolé, lan wudjudmu munḍak kétok seḍih, betjik angrasani, piwulang kang bagus."