Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

53

sami, miwah para nangkoda, dèn sami sumungku, ambudi amrih weruha, djalarané mrih énga lakuning grami, bebaṭèné munḍaka.
  1. Luwih angèl kang mangkono jekti, nanging lamun pinikiring kaṭah, pasṭi jèn ana katjèké, tinimbang njimpang laku, adakané kanḍeg tan dadi, upama panḍé désa, tukang kedjèn patjul, kapéngin dadi kemasan, tuwas sajah sanguné entèk nèng margi, pinardi durung bisa.
  2. Jèn tan mungkul upama wong tani, réka-réka ngrangkep tukang rangka, tiwas ting tjrèwèng pikiré, rangkané nora paju, wit wus kalah kalawan mranggi, tur sawahé kapiran, nora kober matun, iku wataking sléwéngan, nora wurung suḍuk gunting tatu kalih, katunan mréné mrana.
  3. Pralambangé lir tjarita nguni, ana djanma wus satengah tuwa, rambuté wus njambel-widjen, prandéné ndaḍak wajuh, maksih anom bodjoné kèri, saben kang lanang néndra, uwané binubut, jèn gilir mring bodjo tuwa, saben turu rambut ireng dèn bubuti, temah gunḍul maléntas.
  4. Marma kudu ngong bolan-balèni, nora betjik wong tanpa antepan, tiwas ngetjèh-etjèh gawé, slamet wong ati mungkul, nora mingkuh malah ngengkoki, lulusing panguripan, mung ngaraha wuwuh, takeren kuwating awak, adja ḍemen andjangka kang luwih-luwih, jèn tjupet malah lara.
  5. Kang wus katon obahé samangkin, sesemuné kang sami djinangkah, kudu olah sastra kabèh, iku pandjangka luput, jèn kabandjur angapirani, saking durung ginagas, dawaning panemu, paugeraning ngagesang, sanḍang pangan wetuné saka wong tani, ginarap para krija.
  6. Wusing meṭik lan ambabar sami, tinampanan mring para nangkoda, kang njebar bebadjongané, iku tjaraning laku, kang wus dadi tataning bumi, nora kéné kéwala, kang mangkono iku, nadyan sagung mantjapradja, tanah sabrang atas-angin bawah-angin, tatané nora béda.
  7. Nora tjatjad wong marsudi tulis, dasar njata jèn bisa ambuka, lawanging piwulang kabèh, marma rungsid kalangkung, nora tjèṭèk lumun binudi, jèn mung bisané matja, gampang nora éwuh, nanging djeroning surasa, njamut-njamut nora gampang dèn djadjagi, kadjaba pra pudjangga.
  8. Marma ana watesé pribadi, jèn tumrapé kang ulah nagara, kudu ngugemi sastrané, déné kang bangsa bau, watesané weruh ing tulis, mung amrih rada paḍang, wruh ing bener luput, supaja jèn pinaréntah, nuli ngandang, ḍangané nglakoni wadjib, nora selang-surupan.
  9. Nanging lamun kabèh olah tulis, nora wurung sawahé kapiran, saking ngendi pituwasé, adja kaliru surup, angarani wong ulah tulis, luwih adji prijahgga, kang mangkono luput, kabèh-kabèh nora béda, nadyan krija nangkoda miwah wong tani, jèn betjik pinilala.