Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

52

  1. Ebating tyas kongsi tanpa manis, kaprabawan obahing rat Djawa, wimbuh gumrah sabawané, mandjing djro djaman madju, kang tinudju mung adja kongsi, rinengkuh dèn sawijak, sedjané andjundjung, adjining daradjat Djawa, sajuk ijeg gumolong nanggal budi, baja karsaning Suksma.
  2. Paring osik kang utama jekti, tumuwuhing tambung: kamadjuan, lumrah dadi kembang lambé, njata sèwu pitulung, lenging tjipta kari memudji, widjining kamadjuan, bangkita tumudju, djumbuh lawan Sang Winenang, sumawana kang samja pantes ngajomi, ajuning wijah djanma.
  3. Tinuwuhna piwelasing galih, wit tan lijan djiwaning kawula, tinalen sih wilasané, déné kang sedya rukun, mung miliha kang mitulungi, tuḍuh benering marga, adja slura-sluru, karana jèn tan rineksa, nora wurung kadi sulung lebu geni, bareng tibèng sangsara.
  4. Nora ngekul lekasing prijaji, nanging lamun wong lumrah balaka, durung wruh kenṭang kimpulé, selak milu kasusu, tanpa naker kuwating ḍiri, katut grubjuging kaṭah, nora wruh ing rembug, mung ngebjuk ubjung-ubjungan, agung alit miwah wong padésan sami, tumekeng narakarja.
  5. Daja-daja dènja mbuwang tjaping, salin topi kang tjara ngamantja, ngéwani klambi luriké, tinilar tan rinasuk, selak salin atéla putih, gulon amba satebah, tur sinetik tuwuk, njangking giṭik tetepakan, kang sinedja mung djadjan kang sarwa adji, nèng médja pista radja.
  6. Ambaruwah sambèn ngombé brènḍi, pangrasané iku kang ingaran, madjuning panguripané, tan wruh kaliru surup, kang mangkono katemu mburi, nora susah ginulang, jèn wus kuwat tuku, pira angèlé wong njanḍang, nora abot jèn mung lurik salin putih, iku dudu pikiran.
  7. Kaja gampang salining pambukti, nora angèl mangan ongklok kenṭang, tjinakot pira atosé, nora susah rinembug, dé kang kudu sami binudi, madjuning pangupaja, kang supaja kurup, tjukupé ginawé taḍah, anglakoni panguripan kang utami, pantesé tiningalan.
  8. Iku ingkang kudu dèn parsudi, bebasané: jwa kagedèn empjak, pejok jèn kurang tjagaké, marma adja kalimput, kudu tartip dènja miwiti, sinangkan pangupaja, dèn ijeg asajuk, sabijantu lan pra warga, lelimbangan mèt pikiran kang premati, tiniti patràpira.
  9. Jen wus golong gumelenging budi, ajwa tlompé bareng sama ngangkat, nora kena ting kalențé, dèn mantep maring laku, adja demen anjimpang margi, liré kang bangsa krija, jèn renggep ing kalbu, ambudi gawéanira, marsudia mrih wuwuh énggalé dadi, lawan betjiking warna.
  10. Apa manèh ingkang among-tani, dèn amungkul pangolahing sawah, rinéka amrih majaré, lan wuwuhing pametu, tekan tegal keboné