Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5

Manawi nitik katrangan inginggil punika, kados namung sakėḍik perlunipun kawontenaken serat bab paṭokanipun njekaraken, ananging saèstunipun boten makaten djalaran serat paṭokan wau tumrap ḍateng para ingkang gaḍah ḍasar njekaraken saged anggampilaken pamarsudinipun ḍateng sekaran, déné tumrap ḍateng para ingkang boten gaḍah dasar, njekaraken ugi maédahi sanget, djalaran kénging kanggé garan nitèni sekaran ingkang sae, ingkang prajogi dipun waos, perlu kanggé nglanḍepaken pangraosipun ḍateng lelungidaning sekaran.

Bilih para ingkang kapareng ngudi ḍateng kawruh sekaran sampun njuraos wewarah inginggil, kados ladjeng saged anggalih: bilih njekaraken punika boten gampil, lan boten saged netepaken bilih tijang ingkang sampun njakup ḍateng paṭokan punika ladjeng saged njekaraken saé. Dados tuwuhing sekaran ingkang saé namung gumantung ḍateng ingkang damel, lowung déné wonten pepiritanipun.