Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

50

  1. Winangsulan: „Jen mangkono mengko timbang, tanḍinge, ingsun iki ija kalebu sinambat, wong geḍé, tau lungguh djadjag lan para gandarwa, reramèn.
  2. Lah ta pajo Genṭara nuli madjua, maréne adipidjer djedjogédan solahira, njrekèngkèng, ora lemes parigel kaja manira, kèndjèré."
  3. Tan tahan tyas Genṭara anggung winada, ogèdé, dyan naradjang angrundjang sarwi andugang, sikilé, Kéntol Boga tiba kelumah saksana, andjènggèl.
  4. Arsa tangi djinedjeg ladju dinupak, kekèdjèk, dupi éling lumaju akedakalan, tan tolèh, apepulih djarangkong Krendawahana, praptané.
  5. Asru sumbar: „Mara iki ajonana, rowangé." Pakné Edjèt atetanja: „Sira sapa, arané, angakua mupung durung kasangsara, badané."
  6. 20. Sinauran: „Ija ingsun Ki Baruwang, Lunggendjé, papagena iringena masṭi abang, buntuté." Pakné Edjèt gumuju atjukakakan, wuwusé:
  7. Ah sirèku sugih sembrana golongan, wong anèh, aranira tan Jumrali nora mupakat, wong akèh, dedolananing botjah kinarja aran, anglawer.
  8. Aranira kang sanjata ija sapa, temené." Winangsulan: „Araningsun kang paméran, mangkéné: „Tjanṭing bumbung kembang suruh. pijarsakna: Darèngès."
  9. Sangsaja sru gumuju kimas Genṭara: „Ah poṭèt, manḍang anu anganggo aran wangsalan, djebulé, lah ta mara marénéa sun pepukang, bakalé."
  10. Ki Baruwang marepeki sesirigan, adjuné, dupi arsa tjinanḍak kebat atjukat, lumpaté, praptèng wuri anampiling pepilingan, djumeprèt.
  11. Pakné Edjet kalajaban niba-niba, polahé, arsa males andugang wus kaḍinginan, bininté, ambruk kongsi galangsaran sanalika, anggendjret.
  12. Sareng ambjuk para brekasakan sabrang, agebèl, mèt pepulih angarubut Ki Baruwang, Lunggendjé, warna-warna sagung kalarupa rudra, arèngès.
  13. Brekasakan ing Krendawahana mangsah; kabèhé, angembuli marang brekasakan Sabrang, judané, barubuhan tan pilih tanḍing lan papan, enggoné.
  14. Ana weḍon Sabrang temu ḍeḍéwékan, lan wéwé, tinakonan araning weḍon sadjarwa: Ni Senṭèt, genti takon arané wéwé awetja, Ni Korek.
  15. Weḍon Sabrang takon marang wéwé Djawa, wuwusé: „Apa jekti anggung nganiaja djanma, mèt raré, siningitken ingasamun sinasaban, sor kopek.