Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
49

tarab ing Krendhawahana, kang nginté, wruh jèn iku brekasakan saking Sabrang, kabèhé.

  1. Marma datan samar maring saniskara, karjané, kaulataken ing sasolah bawanira samangkéé, ana mangsah djarangkong kang saking Sabrang, sedyané
  2. Arsa maring pakuwoning para Nata, mrih pamèt, pineṭukken djarangkong Krendawahana, sru kagèt, atetanja: ,,Sapa ngaḍang laku ningwang, arané.”
  3. Winangsulan : ,,Ingsun djarangkong kang tengran, duk bijèn, Kénṭol Boga ing samengko karan anak, pak Galès, balik sira sapa aranta ngakua, dèn walèh."
  4. Sru gumuju djangkong Sabrang asantak, sauré: ,,Kalingané sira iku bangsaningwang, jektiné, sun sadjarwa aran bagus Samahala, ing Sangkèh.
  5. Nguni ingstin dadi guru kasantikan, kasubé kang sama ngèlmuningsun kasunjatan, djatiné, marma ingsun kalakon kuwat sinembah, wong akèh.
  6. Lah ta adja anèng kono sumingkira, pak Galès, ingsun arsa angupaja pepangan, jèn oleh. "Sinauran: ,,Malah sira abalia, dèn agé.
  7. Jèn ameksa ladju pasṭi katemahan, adjidèt. ”Asru modjar Samalaha: ,,Ilèh si Boga, abané, malah sira jèn tan sumingkir bakalan matjèḍèl."
  8. Kéntol Boga gumuju sarja ngling sugal : ,,Ilèh penṭèt, aladjuna sun aḍangi tangkep djadja, ing kènè. "Samalaha mangsah sudira nirbita, ambekè.
  9. Sigra magut gelut gemulung ulengan, aramè, silih ungklih datan ana kang kutjiwa, tandangè, danguning prang Samahala kasulajah, anglèlèh.
  10. Dyan binanting Samahala rempu muksa, angganè, Kènțol Boga sukèng drija djedjogèdan, anglètèr, sumbar-sumbar: ,,Dènè ta nora sapira, rosanè." è
  11. Samantara ana djarangkong katingal, andjèngklèk, wuwusira: ,,Hèh babo nora kadjamak, sumbarè, ajonana iki djarangkong ing Sabrang panggeḍé."
  12. Kéntol Boga gumuju sarwi tetanja, udjaré: ,,Hèh ko sapa kang umangsah djedjogèdan, solahé, kidung wiḍung ting kaḍobjah ting karembjah, akèṭè."
  13. Sinauran: ,,Hèh wruhanta ingsun kotjap, wong gedé, apanengran ing nguni kimas Genṭara, parabé, kang kesebut ing wong akèh karan anak: Pak Èdjèt.”