Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

46

ombèn ingsun kilani, mangsa sitih njunḍula, lan segering banju, mengko naḍah lan djanganan, sambel rawit lalaban timun la metir, segané beras anjar.
  1. Séṭam-séṭom segeré kepati, jèn wus énak woh kuwating raga, apa manèh djalukané, soré ngong mapan turu, anèng lintjak lambaran widig, prenah wurining damar, sumamar neng ngunḍuk, tentrem rasaning tyasingwang, mung kumandel kinemulan ing Hjang Widḍi, beg seg tanpa mirasa.


15. SENGSEMING SEKAR MENGGAH ING PEPRENÉSAN.

Ukara peprenésan tumrap ing sekar, punika kénging dipun wastani ingkang dados baku ḍateng wewatekaning sekar, awit tijang sinau njekaraken punika, gampilipun inggih kedah saking peprenésan, bilih sampun kulina ḍateng peprenésan, saged nuntuni ḍateng gesanging sekaran.

Ingkang nama prenésan punika ukara leluwesan ingkang damel manising ukara, utawi namung dados sesekaran kémawon, punapadéné damel gudjeng, mila ingkang kelimrah inggih namung kanggé panembrama, manuara, rerepen, sarta lelutjon.

Déné tetulaḍanipun menggah ing peprenésan kaṭah sanget, mèh saben sekaran ingkang lèrègipun dados rarasing bangsa anèm tuwin lelution, inggih kagolong peprenésan. Dados sengsemipun ing prenésan punika wosipun ingkang saged nenangi ḍateng gambiraning manahipun para anèm tuwin damel gudjeng.

Inganḍap punika peṭikan pepiritan iketan sekar menggah ing peprenésan.

Peṭikan serat rerepèn, mawi wangsalan, anggitandalem
Kangdjeng Gusti Pangéran Adipati Harja Mangkunagara IV ing Surakarta.
  1. Djirak pinḍa mungging wana, kusambi, sajèng kaga: kala, wé rekta kang muroni, anggur, njenjambi kalaning nganggur, wastra tumrap-mastaka, iket, pangiketé wangsalan kang sekar pangkur, baon sabin ing nawala, karja, kinarja langen pribadi.
  2. Sénṭé lit sesanèng ngarga, kadjar, lenging roga: talandjer, mina kinarja ḍesṭi, ḍujung, iwak tèmpèl, ngeledjar ladjering wujung, sikatan bang ngrembaka, soka, pinisuka kasukan saananipun, wimbaning kang tjandrawila rembulan purnama, mrih purna pranawèng kapti.