Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/44

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

45

melung melingi, mring kang kasuwèn néndra, jwa kongsi kadarung, mèngeta mring pangatjana, angluhurna gungé kawasaning Widḍi, kang nitah saniskara.
  1. Dyan timba punggawaning ratri, rijep-rijep risang Pandjerina, lir pasrah panggawasané, dènja rumeksèng dalu, pangasoning sagung dumadi, wús seḍeng pinardia, ngajati panggajuh, ijeging panambutkarja, datan lija Hjang Surja kang mirowangi, tuduh sidining sedya.
  2. Tanggap mulat Hjang Arka naketi, dumipèng rat ambabar prabawa, sumirat-sirat soroté, méga sinungging wungu, graning ngarga pinulas wilis, samantara kawurjan, Hjang Surja wus mungup, ngantjik putjaking aldaka, larut mirut teḍuhing dalu kalinḍih, sumeblak tanpa sésa.
  3. Anglur selur lakuning wong tani, pareng mangkat maring pepasaran, paling krengkèt pikulané, wenèh sikep waluku, maring sawah tegalé sami, si gunḍul nèṭèk kanḍang, keboné pinetjut, ngutjul sarwi tinumpakan, ngénak-énak nèng gigir marep mring wuri, sembari ngura-ura.
  4. Melang-melung lelagon ginurit, alon baé hir-hir kija-kija, uler kambang satitahé, nora nana kesusu, jèn narima karsaning pasti, lakuné wis djinangka, djangkahé dèn ukur, kesusu amburu apa, jèn wong murka anggaké kudu nḍèwèki, wis turah durung trima.
  5. Nora menget adiling Hjang Widḍi, dènja mandum djatining, pangrasa, tan pisan mbaukapiné, sanggjaning kang tumuwuh, binagéan legi lan pait, nadyan silih larbéa, wisma lir swarga gung, kinuntji kantjing kantjana, nora wurung susahé nlesep nusupi, tumamèng masakala.
  6. Jèn pinuntu pantoging tyas jekti, nora suka murka ngangka-angka, andjangka kang kaé-kaé, karana kang tinemu, nora lijan suka lan seḍih, demangé nora béda, lan si gunḍul patjul, mené seneng mengko susah, jèn narima susahé mirut sumingkir, rampung tanpa prakara.
  7. Ajem gujem kang kaja wak mami, repet-repet wus bérag nèng mberan, ngaḍang segering srengéngé, molah nglelantih balung, ngulur otot ngengirih getih, lir kukila nèng tawang, mina nèng djro kedung, sadjegingsun dadi botjah, durung wikan rasaning badan nglelentrih, mung bingar tyas pirena.
  8. Temah tuwuh segeré nartani, lengeningsun kijalé kalintang, matekel katon kutjingé, kenèng sawabing ebun, kang sinebar ing maruta ris, woring sorot tembéan, dojananing baju, Hjang Surja tan kadang konang, dènja mandum prabané sinami-sami, tan mawang milih djanma.
  9. Lamun ngelak ingong darbé warih, kang sumrèwèh nuting paḍas gempal, wening tur sumjah rasané, sakèhé kang sinebut, ombèn-