Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

44

Peṭikan saking Pusakadjawi Desember 1922 taun I angka 3.
Slisir marèng-tenggèrèng.
Pandjurung saking ingkang sinandi.

Ing wajah sireping raré, nèng latar kekadar déwé,
purnama mandjer prenahé, katon djembar kalangané.
Paḍangé kaja raina, sing dolan wis nora nana,
kari Pak Iramenggala, ngraras kawasaning Suksma.

  1. Ḍeḍep tiḍem prabawaning ratri, sasadara wus mandjer kawurjan, tan kutjiwa memanisé, menggep Srinatèng dalu, siniwaka sanggjaning dasih, aglar nèng tjakrawala, winulat ngelangut, prandéné kabèh kèhekan, saking kèhing taranggana kang sumiwi, warata tanpa sela.
  2. Kinalangan kekuwung ngawengi, lir wewengkon balé manḍakija, paséwakaning Pamasé, djroning kalang kadulu, kang suméwa parek neng ngarsi, mung punggawa sadjuga, Arja Pandjersurup, pramukjaning taranggana, kang sawéga rumeksa pringganing ratri, ngajomi ajuning rat.
  3. Tan pètungan pandjrahing wadya lit, arahané mawor mawurahan, ngapit narmada prenahé, djro petenging Saraju, angragantjang Sang Bimasekti, njuwak tutuking naga, kang sikareng laku, jeku mangka pralampita, mrih mengeta kang mantep tetep ing budi, widada kang simedya.
  4. Nékawarna pangkating wadya Dji, nora wor-suh tataning séwaka, gumolong gegelengané, kang dadya djurutuduh, pandomaning para mong tani, gelaring panangkilan, rinakit waluku, wuluh wuku lan kukusan, gubug-pèntjèng malesat mor landjar-ngirim, mangrèh lakuning mangsa.
  5. Kang suméwa luhuring udadi, pan pininḍa ḍapuring gijota, pra nangkoda pandomané, dé kang dadya pituduh, pamardining kang ulah kardi, sinamar nèng busana, kasarirèng Prabu, djroning praba marakata, sinung tanḍa pinḍa widadari ngantih, nèng soring wringin sungsang.
  6. Kang sawenèh punggawa pinidji, angsung pènget pangreksaning raga, ing mangsa roga praptané, jèku Arja Kumukus, mandjer dwadja neng pantjaniti, tangèh jen winursita, satataning dalu, ndungkap luwaring séwaka, Djakabèlèk merem melèk melik-melik, sasmita minta néndra.
  7. Samantara wus banguning rawi, Hjang Purnama wus mandjing ngantjala, gumiwang surem sunaré, sawung pareng kaluruk, kapijarsa