Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

43

  1. Lamun madjat kang sinedyèng kapti, mangka tan kalakon, adja agé kagét ing drijan, salah tampa panglaluning ati, nguring-uring diri, nutuh ngamun-amun.
  2. Tampana sasmitaning Widḍi, tandjihna ing batos, umat kabèh iki kekasihé, jekti nora binéda sademi, déné duwé kapti, teka tan djinurung.
  3. Bokmanawa kang sira karepi, ginawé lelakon, durung waktu iku ing tegesé, ngadatira kang sinedyèng kapti, jèn wus kemba lali, kono sok djinurung.
  4. Ngibaraté lir durjan nèng nguwit, nanging maksih enom, jen pinènèk angèl pangunduhé, dupi kena tan énak binukti, tiwas anḍèr pati, wekasan tan urup.
  5. Pakolèhé anjarèhken kapti, andina tan towong, anunggoni neng ngisor uwité, praptèng mangsa djer runtuh pribadi, gampang dènja ngambil, tur énak lan tuwuk.
  6. Nora béda wong nggajuh kamuktin, jèn kasrenging batos, sinangkanan nglalu pratingkahé, nguring-uring kang dinolan kardi, sinengguh tan mikir, marang raganipun.
  7. Ngempakaken rusuhé ing batin, kematé linakon, èstu kena kang kinarepaké, kang mangkono iku wahju éblis, ngaḍat tan lestari, geng bentjananipun.
  8. Kadya durjan kang enom inguni, paḍaning lelakon, sédjé lawan kang wantah lekasé, panedané saking djro semadi, kalanira wengi, ing lair sinamun.
  9. Kang minangka isarat saari, tan mèngèng sapakon, mring kang wadjib maréntah awaké, mangsrutira temen lan taberi, sesambèn nor ragi, njangking tembung arum.
  10. Aḍeḍasar rahajuning budi, anampik kang asor, tansah karem marang sasamané, luwangira jèn bisa nglakoni, barang kang kinapti, ing samadjadipun.
  11. Nora luput kang sarta basuki, iku wahju jektos, pirabara tumurun bakalé, ra-orané awaké pribadi, lakuné lestari, tan sangsareng kalbu.
  12. Lir angganing durjan kang mateng wit, djumbuhing lelakon, barang sedja ana djalarané, nora teka jèn namung dèn siri, wit kang Maha Sutji, tan adarbé suku.
  13. Itih panawunging ruwija di, ri Soma katongton, kaping sapta Sapar wimbaning lèk, tabuh asṭa Dal sangkalèng warsi, Swara trusing ngardi, risang Maha Prabu (1799).