Kaca iki wis divalidasi
42
- Balik nora tinitahken malih, paran wekasing don, mung karantan kaduwung atiné, gegetuné sansaja ngranuhi, jèn nganjuta pati, mimbuhi dosa gung.
- Wit djisimé wong anglampus diri, tan kena den uwor, lan makamé para leluhuré, mjang sawijah makamaning djan sinarang sinirik, kang apik tan ajun.
- Krana wong kang amatèni djanmi, wus dosa lwih asor, mangka ana wong kolu ngragané, tetep lamun druhaka ngungkuli, patinira adji: kéwan keṭèk lutung.
- Pangruwaté dosa sawatawis, rèhné wus kalakon, tan ljan amung minta aksamané, mring kang samja sinakken ing galih, praptaa pribadi, maring wismanipun.
- Jèn kaprenah tuwa pangkat inggil, ngabektia gupoh, linairna ing kaluputané, lamun prenah nom pangkaté inggil, mengku mawa taklim, krama nuting tembung.
- Jèn kaprenah anom menang inggil, dèn rahab pangrengkoh, kabèh prihen lilihé renguné, lamun ana rerikuhing ati, kamotna ing tulis, lawan tembung alus.
- Lan nuwuna apuraning Widḍi, tobata ing batos, rumasaa ing drija salahé, memulénen leluhuré sami, kang sira alani, nulak alanipun.
- Mula abot wong ameksa kapti, mrih rèh karahajon, wus mangkono lumrah prabawané, sédjé lamun pinrih laku djuti, dangan sukeng kapti, iku timbangipun.
- Lan wus djamak manungsa donjèki, sapa rena kasor, nadyan ana asor sajektiné, saking pangkat geḍé lawan tjilik, sugih lawan miskin, andap miwah luhur.
- Kajektèné pangkat ageng alit, kang luhur kang asor, sugih miskin kabèh sasamané, jèn ginulung sarta den tjonḍongi, adoh kang sak serik, tjeḍak sukanipun.
- Dunungipun wong kang nglalu budi, ana betjik awon, betjikira kang tinuturaké, alanira wus kotjap inguni, tan lján djalaraning, tjupet ing panggajuh.
- Mring kawirjan mjang sabarang kapti, tita tan antuk don, wit tan madjat kang kinarepaké, tanpa srana lumuh anor ragi, tan arsa minta sih, tamtu tan djinurung.