Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

41

14. SENGSEMING SEKAR MENGGAH ING PIWULANG.

Menggah ing piwulang, sekaranipun kaangkaha ingkang prasadja, sampun dipun wori peprenésan, awit piwulang punika perlunipun supados gampil dipan suraos, malah adakanipun ladjeng kanggé apalan, dados wedaling piwulang punika inggih ingkang plek kados satjaranipun mulang ḍateng anak putu pijambak. Malah ingkang sampun kelimrah, serat-serat piwulang punika inggih pantjèn namung tumrap dateng kulawarga pijambak. Wontenipun ladjeng dipun anggep dados piwulang limrah, awit ladjeng sami ngraosaken bilih piwulang wau inggih maédahi ḍateng sintena kemawon.

Déné bab sengseming piwulang punika, manawi damel piwulang tumrap djaler, èstri, kedah ingkang saged damel kraosing manah, déné keraosipun wau boten sanès inggih namung saking luwesing ukara tuwin prajoginig piwulang.

Inganḍap punika peṭikan pepiritan iketan sekar menggah ing piwulang.

Peṭikan serat Salokatama, anggitandalem Kangdjeng Gusti
Pangéran Adipati Arja Mangkunagara IV ing Surakarta.
  1. Widjiling kang pangripta purwaning, mjating rèh salah ton, kang milalu milara ragané, lali wirang kaserenging kapti, nir jitnanta dadi, nista temahipun.
  2. Labet saking muḍadamèng budi, digung lumuh asor, nggégémangsa meḍar kasurané, pamrihira mung ngulab-ulabi, mring sanggja kang ngaksi, dèn alema pundjul,
  3. Tan, wruh lamun akèh kang ngèsemi, pinrajitnan batos, kang wus asih suda ing resepé, kang durung wruh wus ngrungu pawarti, ingkang sengit dadi, sukurirèng kalbu.
  4. Temah kéngis wateké kang wadi, aluné katongton, sasolahé linumuhan baé, nota nana kang barès sawidji, wong djail lan djuti, iku paminipun.
  5. Nadyan mari nggung sinanggarunggi, tan ana pitados, wus mangkono manusa adaté, paran baja dènira mbalèni, sapisan dumadi, nir pijandelipun.
  6. Jèn pastia tumitah ping kalih, sakabèhing uwong, nora nana kaduwung solahé, lan tan ana ingkang wedi mati, gampang dènja mbudi. tan ana pamupus.