Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

40

kalamun kena tata, ing sasaminipun, paḍa lan rowelas warsa, jogja wenang Sumenḍi ataki-taki, sampun man kapanggiha,"
  1. Ana malih kang wong angabekti, sanalika gung sawabé ija, jèn wikana ing tuduhé, paḍa rowelas tangsu, ingaranan tepakur iki, "jèn meneng ndi warnanja, takokena iku, sapa kang aduh ika, unggah turuning meneng kalawan muni, iku dipun waspada.
  2. Hèh Sumenḍi ing wong meneng luwih, iku sembahjang tanpa pegatan, iku nora na wektuné, sampurna ta wong iku, reragané nora na kari, tekèng puri saturas, satuhunning laku, pagurokena dèn njata, ing sira Sang kawiman sampurnèng djati, wekasing dutotama.
  3. Adja nembah heh sira Sumenḍi, jèn iku nora katon sawahja, sembah pudji tanpa gawé, pon kang sinembah iku, anèng warsa wahja dumeling, ananta minangka a-: nanira Hjang Agung, ananging dawak pon sonja, ija iku enengé wong amemudji, njata kang nedya purba.
  4. Lawan atakona sira malih, mapan awis kang sajektinira, sakwèhning punang panggawé, jèn tan ingulah iku, pundi reké gêné apanggih, kang ngaulah tan képjan, iku wus atuduh, nugrahaning Djati Wenang, kang tan molah atuduh durakanèki, kenèng papatjintraka.
  5. Lawan malih sira ta Sumenḍi, atakona sadjatining nijat, adja mung ngaken tjiptané, kang anjipta anebut, dudu iku nijat sadjati, éwuh kang aran salat, sembah pudji iku, tan wruh punang pangurakan, kang atampa denda kisas lawan djilid, ramja padu giliran.
  6. Pangabektiné ingkang utami, nora lan waktu sasolahira, punika mangka sembahé, meneng muni puniku, sasolahé raganirèki, tan simpang Idadi sembah, tekèng wulunipun, tindja turas dadi sembah, iku ingaranan nijat kang sadjati, pudji tanpa pegatan.
  7. Hèh Sumenḍi nijat iku luwih, saking ngamalé punang ngakaṭah, nora basasmara reké, nijating pingil iku, kang gumelar njananirèki, sadjatiné kang nijat, nora nijatipun, nijating pingil gumelar, nijating sembahjang nora bédanèki, lan nijat ambebégal..
  8. Hèh Sumenḍi marmané wong sarik, kupur-kinupuraken ing lapal, anggunggungan sangèlmuné, pidjet-pinidjet iku, aksarané asru dèn pidih, sawusing asembahjang, maherib puniku, ramé samja mabarungan, awekasan amalik bjok lan kulambi, destar akuléwéran.
  9. Kèpèt-kinèpètaken ing masdjid, awusana pada pepurikan, asembahjang ḍèwèk-ḍèwèk, punika palanipun, sirik gugon udjaring tulis, tan wruh djatining nijat, palaning wong bingung, lanang wadon paḍa ngrarah, angulati nijat kang sadjati-djati, tan wruh ing dedalannja."