Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/3

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
1. SESORAH BAB SEKARAN

Bangsa Djawi punika bakunipun pantjèn remen sanget ḍateng sekaran, tanḍanipun déné serat-serat Djawi ingkang lugu damelanipun bangsa Djawi prasasat mèh sadaja sami sinawung ing sekar, awis-awis sanget ingkang gantjaran. Ananging para ingkang sami kapareng ngarang serat mawi sekar wau boten sadaja sami ahli ḍateng sekaran, tandanipun déné serat-serat mawi sekar wau manawi dipun waos béda-béda sanget tumandukipun ḍateng pangraos, wonten ingkang sakétja sanget ḍatang pamireng lan nenarik manah sarta anggamblangaken ḍateng panggraita, wonten ingkang ḍateng pangraos paṭing grondjal, ḍateng panggraita peteng, ḍateng manah amboseni. Sekaran ingkang sakétja sapiturutipun punika mesṭi kémawon kawastanan saé, déné ingkang boten sakétja kawastanan awon. Sakétja utawi boten sakétjaning sekaran punika mesṭi wonten sababipun. Sarana ngjektosi tuwin nanḍing ḍapukaning sekaran ingkang sakétja lan ingkang boten, punika ladjeng saged manggihaken sabab-sababipun ingkang andjalari sakétja utawi boten wau, satemah kenging dipun paṭoki kados pundi leresipun sekaran ingkang sae, inggih punika ingkang sakétja wau. Sareng sampun njumerepi ḍateng paṭokaning sekaran ingkang saé wan, tetéla bilih njekaraken punika boten gampil.

Terkaḍang wonten tijang ingkang boten mangertos ḍateng paṭokaning njekaraken, éwadéné sekaranipun katingal saé, jèn dipun pétanana tjotjogipun kalijan paṭokan namung malèsèd sakedik sanget. Kosok-wangsulipun tijang ingkang mangertos ḍateng paṭokaning njekaraken, boten mesṭi sekaranipun saé.

Mirit kawontenan ingkang makaten wau, dados terang tijang ing kang saged njekaraken saé punika sampun ambekta ḍasar. Dados tijang ingkang sampun kedunungan deḍasar saged njekaraken punika, pangiketipun ukara ing sekar nama sampun kawakan, boten susah damel-damel, sadawahipun sampun sakétja. Wangsul tijang ingkang boten gadah deḍasar njekaraken, sanadyan damelanipun sekaran leres miturut paṭokan saha djangkep witjalanipun, lan sanadyan mawi purwakanṭi, sekaranipun wau inggih dèrèng kénging kawastanan saé.

Sanadyan paṭokan njekaraken ing serat punika tangèh anjekapana ing kabetahan, nanging sampun lowung kénging kanggé pepiritan lan antjer-antjer.