Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

39

samja ngluruh sarira, sabdané tanpa sung, amodjok saking susanta, tanpa sung kaliru saking prenahnèki, iku kang aran lampah.
  1. Pan njata ananing Hjang anisih, ening kasutjianing Pangéran, ana ngaku kang wruh mangké, laksanané tan atut, raga sastra tan dèn gugoni, asli lisi subrata, kang sampun jekti wruh, anangkreti punang raga, paningalé dèn wang-wang raina wengi, tanpa sung agulinga.
  2. Iku tapakané hèh Sumendi, dèn bisa sira matèni raga, adja mung angrungu baé, dèn sajekti ing laku, ajun lawan sarta pandeling, jèn karoné wis njata, pandjing-wetunipun, tan ana pakéwuhira, tikeling pikulan sara saminèki, bènèh kang durung wikan.
  3. Kasompokan dènira ningali, karané tan katon kaliwatan, tanpa arahé rupané, tuwin si ananipun, mapan wartaning kang utami, jèn ta ora enggona, pegat tingalipun, tingal djati kang sampurna, paningaling nakirah jekti dumeling, kang sadjatining rupa.
  4. Mapan tan ana bédané Senḍi, déning kalinḍih solahé ika, bédané tan seng purbané. Senḍi sampun tan émut, lamun anggung tinutur Senḍi, nora na kawusannja, sijang lawan dalu, dèn rasani wong akatah, kitabipun upama prekutut adi, asri dèn karja pikat.
  5. Raosana ing raina wengi, jèn nora lawan wisik utama, mapan nora na gawéné, luwih wong meneng iku, jèn kumedal liḍahirèki, uninipun punapa, pan saosikipun, ing kalbunja wong ngaksinja, weḍaring nitya sarawidya nampani, meneng muni dèn wikan.
  6. Dèn wruh suruping meneng lan muni, jèn tan wruha iku tanpa pala, sampun tan mèsi enengé, jèn muni ajwa umung, kukila neng kani-garandjrit, punika saminira, nora tegesipun, jèn udjar kang gineḍongan, sira Sendi adja kaja bisa angling, lingira kang sampun man.
  7. Ndi rupané wong melèk ing wengi, sampun kadi anda tingalira, karonéku tanpa gawé, jèn nora lan tinuntun, ing paningaling akul jakin, paran margané wruha, ing sariranipun, pangrunguningsun saking nga, salé sampurna iku kalawan muni, tanpa sung jèn menenga.
  8. Ora meneng ora muni Senḍi, hèh Sumenḍi atakona sira, kang ataki-taki kabeh, sembah pudji dèn weruh, sembah akèh warnané malih, lingira Sang utama, wong amudji iku, sanalika kèh sawabnja, paḍa lawan wong sembahjang satus riris, jèn weruh parantinja.
  9. Kang wus weruh parantinirèki, pudjinipun iku nora pegat, nora kalawan waktuné, wong agung ljan amuwus, pada lawan sawidak warsi, sampun amardika sam-, purna raganipun, ing waktu tan kabendana, kapradana solahé anèng djro masdjid, apinḍa manuk baka.
  10. Tan kena pinaido Sumenḍi, wuwusing najaka dipaningrat, Senḍi atakona mangké, ana mudji ing dalu, ing raina gung sawabnéki,