Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

38

kadi anulup kaga, pungluné dèn sawur, manuké mangsa kenaa, awekasan amangéran adam sarpin, sembahé sija-sija.

  1. Lan endi kang ingaranan pudji, sama amudji dalu lan sijang, jèn nora sarta wisiké, tan sampurna kang laku, jèn sirarsa weruhèng pudji, dèn njata ing sarira, pandjing wetunipun, kang atuḍuh ananing Hjang, pandjing wetuning napas jogja kawruhi, Suksma tjatur prakara.
  2. Tjatur prakara anasirnèki, bumi geni angin iku toja, samana duk panapelé, sipaté iku tjatur, kahar djamal kamal lan kamil, katrapan sipating Hjang, wewolu kèhipun, lampahé punang sarira, mandjing metu jèn metu ndi pananèki, jèn mandjing ndi prenahnja.
  3. Tuwa anom kang anasir bumi, lakuné puniku kawruhana, jèn atuwa ndi anomé, lamun anom puniku, pundi reké tuwanirèki, anasir geni ika, kuwat apesipun, jèn kuwat endi apesnja, lamun apes pundi nggèné kuwatnèki, tan sampun kasapèksa.
  4. Miwah ta reké anasir angin, lakuné iku ana lan ora, jèn ora pundi anané, lamun ana puniku, anèng ngendi oranirèki, ingkang anasir toja, pedjah gesangipun, jèn urip pundi patinja, lamun mati ndi parané uripnèki, sasar jèn nora wruha.
  5. Kawruhana tetalining urip, ingkang aningali ing sarira, kang tan pegat pamudjiné, endi pinangkanipun, kang pinudji lan kang amudji, sampun tan kasapèksa, marmaning wong agung, paḍa angluruh sarira, dipun njata inguripira sadjati, uripira nèng donja.
  6. Dipun weruh ingurip sadjati, lir kurungan reraga sadaja, betjik dèn wruh ing manuké, rusak jèn sira tan wruh, hèh Sumenḍi salakunèki, iku mangsa dadia, jèn sira jun weruh, betjikana kang sarira, awismaa ing enggon punang ngasepi, sampun katjakrabawa.
  7. Adja doh déra ngulati kawi, kawi iku njata ing sarira, punang rat wus anèng kéné, kang minangka pandulu, kresna djati sariranèki, sijang dalu tan awas, pandulunirèku, punapa reké pra wignja, kang njatèng sarira sakabèhé iki, saking sipat pa karja.
  8. Mapan rusak kadjatinirèki, dadiné lawan kaarsanira, kang tan rusak den wruh mangké, sampurnaning panḍulu, kang tan rusak anané iki, minangka tuḍuh ja, sing wruh ija iku, mangka sembah pudjinira, mapan awis kang wruha udjar puniki, ḍahat sepi-nugraha.
  9. Sajogjané mangké sira Senḍi, dèn njata sirèng sariranira, jektya ngajang kang temahé, reraganira iku, lamun Senḍi déra lali si kang njata ing sarira, solahé tan mbesur, amuranga raganira, kang dadi tingal anging kainanèki, kang dèn lingling nityasa.
  10. Senḍi kang wruh ing sariranèki, ja iku-njata ing Pangeran, ana malih kang angjakteni, tan ling jèn tan na wadiné, jèku wasitanipun, ana