Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

37

  1. Ja Pangéraning Sang adi Gusti, djarwaning wisik aksara tunggal, pangiwa lan panengené, nora na bédanipun, déné maksih atata genḍing, maksih utjap-utjepan, karoné puniku, datan polih anggeng méndra, atilar tresna saka ring Madjapait, nora antuk usada.
  2. Ja marma lunga ngikis ing wengi, angulati sarasaning tunggal, sampurnaning lampah kabèh, sing panḍita sun dunung, angulati sarining urip, wekasing djati wenang, wekasing Lor Kidul, suruping raditya wulan, reming nétra kalawan uruping pati, wekasing ana ora.
  3. Sang Ratu wahdat mèsem ing lati. „Hèh Sumenḍi kapoka mangkana, tan samanja pangut japé, luwih anuhun benḍu, atinira ta anenagih, déning genging sakarja, kang sampun kalebu, tan panḍitaning wong donja, jèn adol warta tuku wartaning tulis, angur adja walidata.
  4. Kang adol warta atuku warti, kumingsun kaja weruh-weruha, mangkèki andé-andéné, awarna kadi kontul, ana tapa sadjroning warih, meneng tan kena obah, tingalipun terus, ambeg padu anon mangsa, lir antelu putihé putih ing djawi, ing djro kamoran rekta."
  5. Suruping arka aganti wengi, pun Senḍi anuntumaken wreksa, badijan anèng dagané, patapané Sang Wiku, udjung tepining wandadi, aran dekah ing Bénang, saha sonja samun, anggadang tan ana pala, boga anging tjraking segará nempuhi, parang ngong asiluman.
  6. Sang Ratu wahdat lingira aris: „Hèh Sumenḍi marèng ké dèn énggal," dur den tjekel kekuntjité, sarwi dèn elus-elus, tiniban sih ing sab da Wali: „Sumenḍi rungokena, sasmita katèngsun, lamun sira kalebua, ing naraka ingsun ḍéwé anglakoni, adja kang kaja sira."
  7. Sigra pun Senḍi atur upekti, matur sira ing guru di mulja, sakalangkung panuhuné: „Sampun reké pukulan, leheng dasih reké pun Senḍi, mandjinga ing naraka, pun Senḍi sawegung, pan sami wruh ing kalinga, guru lan siswa tana sulajèng kapti, kapti saékapraja."
  8. Pengetingsun ing sira Sumenḍi, dèn jitna uripira nèng donja, jwa sumambaranèng gawé, kawruhana dèn èstu, sariranta pan dudu djati, kang djati dudu sira, sing sapa puniku, weruh reké asarira, mangka sasat wruh sira marang Hjang Widḍi, iku marga utama.
  9. Utamaning, sarira puniki, angawruhana djatining salat, sembah lawan pamudjiné, djatining salat iku, dunung ngisa tuwin maherib, sembahjang aranéka, wenangé punika, lamun nora nama salat, pan minangka kekembanging salat da'im, ingaran tatakrama.
  10. Endi ingaran sembah sadjati, adja nembah jèn tan katingalan, temahé asor kulané, jèn sira nora weruh, kang sinembah ing donja iki,