Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

36

13. SENGSEMING SEKAR MENGGAH ING NGÈLMI.

Serat-serat Djawi ingkang mawi sekar ingkang njarijosaken bab ngèlmi, limrahipun dipun wastani suluk. Serat suluk punika limrahipun namung dados waosanipun tijang sepuh, mila tetembuganipun inggih angèl, tuwin kaṭah tetembungan ingkang pantjen namung kanggé wonten ing serat suluk. Makaten malih nganggé isbat, tegesipun kados pasemon. Mila tijang maos serat suluk punika sampun kelintu tampi amastani ukaranipun peteng, awit ukaranipun pantjèn boten kadamel ngeblak, tumrap tijang ingkang dèrèng andjadjah ḍateng seserepan bab ngèlmi, mangertosipun kedah saraséhan kalijan tijang sanès.

Sanadyan serat suluk punika sampun katjarijosaken tetembungan tuwin suraosipun peteng, nanging tijang damel serat suluk sasaged-saged inggih kedah ngangkaha sakétja tuwin tjetaning ukara, tuwin adamela sengsemipun ingkang maos.

Ingkang nama sengsem punika: suraosing wewarah ngriku katingal sampun njarèmpèt ḍateng wigatosipun ingkang dipun tjarijosaken, sanadyan nama dèrèng melok, nanging ingkang sami maos sampun gaḍah grengseng angadjengi.

Salugunipun sengseming sekar menggah ing ngèlmi punika namung gumantung wonten ing suraosipun, sanadyan sekaranipun boten sapintena, nanging manawi suraosipun mentes, inggih dipun remeni ingakatal Mila saja utami malih manawi ketjepeng kalih pisan, suraosipun aos, sekaranipun saé.

Inganḍap punika pepiritan iketan sekar menggah ing ngèlmi.

Peṭikan serat suluk Sumenḍi, serat ragi kina.
Asli saking R. Rangga Wirowongso.
  1. Dan warnanen ta sira pun Senḍi, matur sira ing Sang adinira, Ratu wahdat pandjenengé, sumungkem anèng lebu, talapakan Sang Maha muni, kang adekah ing Bénang, mangké atur benḍu, sawitnja neḍa djinarwan, sapratingkah ing agama kang sinélir, teka ing rasa purba.
  2. Sadasa warsa sira pun Senḍi, angastuti ing Sang adinira, tan antuk warandikané, ri kawidjilanipun, sira Senḍi bang Mahèspait, ameng-amenganira, Natèng Madjalangu, telas sandining aksara, pun Sumendi matur ring Sang adi gusti, anuhun pangatpada.
  3. Pun Senḍi bjaktèng kang anuwun sih, ing talapakan Sang djati wenang, pedjah gesang katur mangké, sampun manuh pamuruk, sasta Arab paduka warti, wekasané angladrang, anggeng among kajun, saben dina reraketan, malah bosen kawula kang angludrugi, ginawé alan-alan.