Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

22

Inganḍap punika peṭikanipun sawatawis, supados kénging kanggé pepéritan:

Sru dados asru, wruh dados weruh,
mringmaring, diadi
singsaking, pamaupama,
prangperang, kulakawula,
déné, tandapratanda,

tandatan, pura puraja, tuwin sanès-sanèsipun, samanten ugi kosok-wangsulipun.

Bab panganggéning basa ngamantja, tumrapipun wonten ing sekar kerep amrangguli ingkang kirang sakétja, awit kaṭah ingkang langkung saking kawan wanda, mangka paṭokaning pameḍot kaṭah-kaṭahipun namung wonten kawan wanda, dados saupami manggih basa gamantja ingkang makaten wau, manawi kepeksa dipun anggé inggih supados dipun wetahaken kémawon, nanging pangetrapipun sampun ngantos peḍot wonten ing pada, puwungan aluwung dipun prenahaken naradjang peḍotan.

Sanadyan inginggil sampun kapratélakaken bab panganggéning basa krama tuwin ngoko kedah katurutaken, éwadéné manawi kepeksa kedah nganggé basa ingkang sanès mesṭinipun, upami ngoko sumela ing krama, utawi krama sumela ing ngoko, inggih kénging, nanging tijang njekaraken wadjib njumerepi ḍateng unggah-ungguhing basa, mila kedah ingkang andjadjah ḍateng basa, perlunipun baḍé saged njakétjakaken ḍateng traping ukara, tuwin sakétja dipun waos, punapa malih tjeṭa, awit serat ingkang sinawung ing sekar punika adakan dados waosan.

7. BAB PANGANGGENIPUN BASA KAWI.

Panganggenipun basa Kawi wonten ing sekar punika, prajogi nganggé basa Kawi ingkang kelimrah kemawon. Ingkang nama basa Kawi kelimrah punika kados ingkang sampun sami dipun sumerepi ing tijang kaṭah ing serat-serat waosan, boten perlu mawi pados-pados basa Kawi saking Bausastra sapanunggilanipun, awit basa, Kawi ingkang boten kelimrah punika malah damel peteng tuwin boten skétja, upaminipun tembung: pradja Surakarta, tembungipun pradja punika Kawi kelimrah, nanging manawi mungel radya Surakarta, sanadyan tegesipun sami kémawon kalijan pradja, boten sakétja. Makaten ugi saéning sekaran punika boten dupèh kaṭah Kawinipun.

Wonten pamanggih, serat ingkang sinawung ing sekar punika saénipun kedah mawi basa Kawi, awit sekar ingkang tanpa Kawi punika tjemplang. Punika pantjèn inggih leres, nanging manawi dipun raos