Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
21
  1. Akèh sato ing wana dri, samja munja ting galero, lemba singandaka lutung tjenguk, pra samja awingwrin, uninga groning sima, mentjit ngungsekken tanaja.
  2. Samana yantji mahgerib, umjung swara tjenggèrètnong, barungkup-angkupan kongsi ngungkung, anèng rong lir genḍong, patut lir mandaraga, res-res munja sauran.
  3. Tangèh utjapena sami, isining djurang tuwin rong, jata Sang abrangta sukèng kalbu, mjarsa kèh kang uni, jata ing sawusira.
  4. Lenggah séla Wisnu radin, ladjeng amudja Hjang Manon, nora ḍompo awas ing panḍulu, wus kumpul nganggèki, pranjata jèn utama, sira Ki Sèh Amongraga.
  5. Pratanḍa waspaḍèng èksi, ing goning Suksma kinaot, pan sajekti arang wong kang weruh, marang Hjang kang Luwih, lamun ta durung bisa, mati sadjronira gesang.
  6. Nadyan mangkonoa ugi, jèn sinung sihing Hjang Manon, arang kang waspada ing panḍulu, enggoning Hjang Widḍi, méndah déning ngakatah, kalamun sok panḍitaa.
  7. Sinung ilham ing Hjang Widdi, méndah Wali ting pregogok, jata ing ratrinja tan winuwus, samana wus éndjing, Hjang Arka mèh sumirat, angganteng kang méga malang.
  8. Keh warnanira ingaksi, méga pinḍa kang wastra bjor, ḍaḍu tuning rekta wilis wungu, amémba mandjeti, umjang peksi amangsa, wohing bulu lan gurḍa.
  9. Sato gora begar sami, umuni pating galembor, mrak manguwuh kadya asung pémut, peksi beluk kadi, angatag uninira, sampun kadangon girisa.


6. BAB BASA.

Bab panganggéning basa wonten ing sekar kaangkaha anglenggahi punapa leresipun, manawi krama inggih krama kémawon, manawi ngoko, saladjengipun inggih ngoko kémawon.

Basa tumrap ing sekar punika gaḍah lagéjan ingkang kedah binijantu ing basa ingkang kénging karingkes utawi kaulur, perlunipun saged njakétjakaken ḍateng traping ukara. Dados wosipun kedah saged ngringkes utawi ngulur, awit bilih sampun kulina, ladjeng baḍé boten kawekèn ḍateng kirang langkunging guruwitjalan.