Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

23

ingkang saèstu, inggih boten makaten, punika namung saking ketletuh utawi saking pakulinan. Njatanipun sareng Balai Pustaka ngedalaken serat-serat waosan mawi sekar ingkang tanpa Kawi saha kanggé waosan mawi laré, inggih keras sakétja. Dados menggah ing sekar punika saged sumrambah wonten ing kalangan punapa kémawon, sanadyan tanpa Kawi. Mriksanana bab 17 sekaran ingkang tanpa Kawi.

Manawi ngetrapaken Kawi kaangkaha ing dalem sapadalingsa punika sampun balebegan Kawi sadaja, prajogi namung sumela kémawon, awit. sekaran ingkang kekaṭahen Kawi punika boten saé, nanging sekaran ingkang tanpa Kawi dipun wastani tjemplang. Mila ingkang prajogi mawi angempakna dugi-dugi.

Wewarah bao pandamelipun basa Kawi wonten ing sekar, punika sampun adamel kelintu serep amastani katahing basa Kawi wonten ing sekar punika boten saé, punika boten, malah prajogi sanget, Nanging salugunipun pamasanging basa Kawi ingkang sakétja punika limrahipun namung tumrap para ingkang sampun lebda ḍateng sekaran, awit pandamelipun basa Kawi sampun boten mawi pados-pados, déning sampun kulina. Mila ingadjeng sampun kapratélakaken, ingkang badé sinau Injekaraken kedah andjadjah ḍateng serat-serat rumijin, perlunipun ladjeng saged njatet tuwin ngrasuk ukara punapa malih mangretos ḍateng wiletanipun.

Tanḍasaksinipun traping basa Kawi ing sekaran ingkang boten sakétja, saged njatakaken dateng satunggal-satunggaling karangan, ingriku katingal tuk-tukaning basa Kawi ingkang sadjak pados-pados, ladjeng kenging dipun wastani panganggenipun basa Kawi kebraèn.

Mirit kawontenaning serat-serat Djawi ingkang mawi sekar, sanadyan dèrèng sapintena tjatjahipun, nanging manawi namung baḍé kanggé pepiritan kémawon, kados sampun anjekapi.

8. PURWAKANṬI

Sekaran ingkang tanpa purwakanṭi punika kirang manisipun, mila sinau njekaraken punika prajogi ngulinakaken nganggé purwakanṭi, déné purwakanti punika wonten warni kalih, 1 purwakanṭi guruswara, 2 purwakanṭi gurusastra.

  1. Purwakanṭi guruswara punika limrahipun tuwin katingalipun manawi dipun etrapaken wonten ing gantjaran tuwin guritan, awit namung mendet saking guruswara kémawon. Saking kelimrahing purwakanṭi guruswara wau menggah ing bangsa Djawi, ngantos boten ngrumaosi manawi tansah ngetjakaken, kadosta manawi witjantenan, manawi sindénan tuwin sanès-sanèsipun, dalah manawi nudju paben inggih