Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
20

lebeting ontjèk-ontjèkaning wewarah kaislaman, saking tjeṭa tuwin boten kanjanan, tetijang ing pakempalan ngantos sami andjengek, tuwin Kjai Baji ngantos neṭek lampit, sekaripun kinanṭi, ungelipun makaten:

Amongraga malih muwus: „Palal wartakul salati wadjibatul wa salamma, sunatun" tegesirèki: „Déné wong kang tinggal salat, punika kalangkung wadjib.

Dé wong kang salat punika, sunat kéwala nglampahi, perlu kang katingal salat, tur utamaning ngaurip." Kabèh ndjengèk kagawokan, Ki Baji aneṭek lampit.

Gereng-gereng Ki Pangulu..............."

Patrapipun Ki Baji Panurta tuwin gereng-gerengipun Ki Pangulu, punika sami gesang.

Makaten ugi ing bab gesanging tjandra, kados ingkang kasebut ing serat Tjenṭini kala Sèh Amongraga baḍé ḍateng Wanamarta, ngrengga lelangening margi, sekaripun Wirangrong, makaten:

  1. Jata wusira anuli, Sang brangta lampahnja alon, ngambah djurang sengkan siluk-siluk, djurang jèn atrebis, marga rumpil arampal, pan arang kambah djanma.
  2. Marga kapit ing tjetjuri, jèn wong kang tan sedya lajon, mangsa wania ngambah ingriku, jèn wong misih mikir, énak lawan kapénak, mangsa ta silih ngimpia.
  3. Liwat marga kang asungil, bok ngalih lijané kono, tur mangsa kuranga lijanipun, margi ingkang radin, ingkang tau dén ambah, ing manungsa apan kaṭah.
  4. Ing jekti ḍapur ngulati, Sang brangta marga kang éwoh, ingkang nora kambah ing wong langkung, jata wau nuli, anenggel minggah arga, nudju asar wajahira.
  5. Jata nèng nginggil ningali, Kidul Wétan Lèr lan Kulon, nglimut pan anglamat ḍusun-ḍusun, tan awas ingaksi, miwah kang ardi katah, pan samja elet djedjurang.
  6. Nanging ardi alit-alit, Sang brangta kasmaran anon, étja dènja lenggah séla pingul, kang abdi meteki, jata wau samana, mèh ngantjik Sang Hjang Pratangga.
  7. Abarung swaraning peksi, rebut nggon anèng kekajon, puter djalak méntjo peksi sijung, prit peksi selinḍit, djowan lan atat kembang, keḍasih munja ing tawang.
  8. Swaranira ngasih-asih, lir nangisi ingkang rawoh, mrak njangu ngong kadi njapèng tamu, kang satawanandjrit, anglir asung sasmita, Sang brangta mènget ing drija.