Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

14

Namung tumrap sekar ingkang mawi sandiasma, pamedotipun ragi gèsèh, kedah adjeg, manawi:

Padalingsa ingkang tjatjahing wanda 6, pedotanipun 2.4.
Ingkang tatjahing wanda 7, pedotanipun 3.4.


Langkungipun saking 8, pamedotipun 4 rumijn, saladjengipun kados inginggil.

Mirit kawontenanipun serat-serat kina, anggitanipun para pudjangga utawi para saged, kiranging sregipun pedotan namung sakedik sanget, dados sadaja sampun méh anglenggahi patokan. Mila tumrap ingkang sami badé sinau njekaraken, sanadyan déréng nama saged, tamtu inggih ladjeng mangertos utawi saged neniténi tuwin saladjengipun saged angéwahi kados pundi menggah leresing pedoten, pepiritanipun mendet saking patokan ingkang kasebut inginggil.

Sarèhning patokan njekaraken ing bab pedotan punika saweg pinanggih wonten ing djaman sapunika, dados sampun sami anggalih bilih serat-serat kina ingkang sinawung ing sekar punika awon, awit awoh saéning sekaran ingkang netepi pedotan punika pantjèn déréng kamanah, dados panitikipun namung wonten ing awon saéning ukara. Awon saéning ukara wau saged nitik saking eném sepuhing serat. Déné pepiritanipun kados ingandap punika:

Bebukanipun serat Pandji Angréni ingkang sampun umur 150 taun langkung. Kinanti.

Dan purwakaning angapus, mwang anreh gita tan saking,pratamèng Kawi grendaka, ja maka pangaksamaning, para sudjana djumena, patapning jamaka gending.

Sekaran inginggil punika ukaranipun kaken, Kawinipun boten kulina kesambah, pedotanipun boten netepi patokan, dados ingkang ketjakup namung gurulagu tuwin guruwitjalanipun. Tumrapipun ing djaman sapunika sampun boten wonten pepilihanipun. Nanging titiking serat kina katingal sanget. Punika nandakaken ilih kawontenanipun kala djaman samanten inggih béda sanget kalijan djaman sapunika, mila wileting ukara, peprenésan tuwin sanés-sanésipun tumraping djaman sapunika inggih boten amranani.

Bebukanipun serat Wulangreh, anggitandalem Ingkang Sinuhun Paku Buwana kaping IV. Dandanggula.

Pamedaré wasitaning ati, tjumantaka aniru pudjangga, dahat muda ing batiné, nanging peksa ginungeung, datan weruh akéh rigésemi, amek