Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

15

sa angrumpaka, basa kang kelantur, tutur kang ketula-tula, tinalatèn rinuruh kalawan ririh, mrih paḍanging sasmita.

Sekaran punika saprasadja sanget, mèh boten wonten Kawinipun, peḍotanipun sampun leres sadaja. Mirit sekaran punika, dados menggah ing tijang njekaraken, sanadyan namung nganggé ukara limrah ugi sakétja, angger netepi ing peḍotanipun.

Bebukanipun serat Lokapala, karanganipun Radèn Ngabei Sindusastra. Ḍanḍanggula.

Rebo Epon panitraning manis, Djumadilawal Djimmawal warsa, éndjang ping wolulikuré, kaneming Djulungpudjut, Sri tumurun anudju Dadi, Paningron Sang Hjang Jama, Idjrah Nabi Sèwu, rong-atus wandasa gangsal, sinangkalan: Wiku misik swara tunggil, nèng barisan Pidjénan.

Sekaran inginggil punika sampun nganggé iketan ukara Djawi ing djaman sapunika, peḍotanipun namung lepat satunggal, ing padalingsa kaping kalih. Ukaranipun sarwa prasadja, tuwin saladjengipun ingkang kawrat ing serat Lokapala wau saé, greget-sautipun anenangi manah. Déné lepatipun peḍotan wau namung djalaran kepeksa nganggé tembung ingkang gangsal wanda.

Bebukanipun serat Rama, karanganipun R.Ng. Jasadipura. Ḍanḍanggula.

Tabuh sapta nudjwa Buda Manis, wulan Sura kaping tigang-dasa, ing mangsa kapat wukuné: Kurantil Djé kang taun, Sirnèng tata panḍita siwi, sangkala duk manurat, agnja Maha nurun, mangun langening tjarita, tjaritané Betara Rama ing Kawi, djinarwakken ing krama.

Sekaran inginggil punika larasipun sami kalijan serat Lokapala.

Bebukanipun serat Tjemporèt, karanganipun Radèn Ngabei Ranggawarsita. Ḍanḍanggula

Song-song gora tjandraning artati, lir winedyan sarasèng parasdya, ringa-ringa pangriptané, tan darbé labdèng kawruh, angruruhi wenganing budi, kang mirong ruharèng tyas, djaga angkara nung, minta luwaring duhkita, ajwa kongsi kéwran lukitèng kintèki, kang kata ginupita.

Sekaran inginggil punika sampun boten wonten kutjiwanipun, luwesing ukara tuwin sakétjaning panganggènipun Kawi pantes dados tetulaḍan.