Kaca:Patokaning Njekaraken.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
4. BAB PEDOTAN.

Tijang njekaraken, bilih saged anglenggahi dateng patokan kalih-prakawis, gurulagu tuwin guruwitjalan, nama sampun saged tumindak. Nanging manawi ukaranipun déréng manut ing pedotan, sekaranipun nama taksih kirang sakétja, awit pedotan punika ingkang nedahaken andeging napas. Dados saupami kéndeling napas ngantos medot tembung, sanadyan boten lepat ukaranipun, nanging kital ing pamaos, mila raosing sekaran ladjeng kirang sakétja.

Sajektosipun manawi dipun pétani, sanadyan sekaranipun para linangkung inggih wonten ingkang boten netepi patokaning pedotan. Bok manawi ingkang makaten wau namung saking boten anggalih” dateng patokan kémawon, nanging sampun kulina tuwin keraos dateng gregeting sekaran, mila sekaranipun inggih saé kémawon.

.Namung menggah tijang njekaraken, salugunipun manawi ngantos katah, asring wonten ingkang tjéwét. Ananging menggah ing tijang ingkan sampun kulina, sadawah-dawahing sekaranipun tamtu katah ingkang nglenggahi pedotan, awit pandameling ukara ing sekar sampun atul, éwa samanten. menggah ing pedotanipun, punika manawi namung dipun waos kanggé maos serat, tjakipun sakétja kémawon, kadjawi manawi kanggé angeérong, punika tamtu keraos kital, awit sakétjaning gérongan punika manawi pedotanipun manut kados tjaraning pedotan ing sandiasma.

Déné péranganing pedotan wau kados ingandap punika:

Padalingsa ingkang tjatjahing wanda 5, kénging kapedot 3.2 utawi 2.3

Padalingsa ingkang tjatjahing wanda 6, kénging kapedot 4.2 utawi 3.4 utawi 2.4

Padalingsa ingkang tjatjahing wanda 7, kénging kapedot 4.3 utawi 3.4 utawi 2.3.2.

Padalingsa ingkang tjatjahing wanda 8, kénging kapedot 4.4 utawi 3.3.2 utawi 3.2.3.

Padalingsa ingkang tjatjahing wanda 9, kénging kapedot 4, salajengipun kénging mirit kados ing pedotan wanda 5.

Langkungipun saking 9, sasampunipun dipun pedot 4 rumijin, saladjengipun inggih dipun pedot miturut tirahanipun.

Saréhning patokaning pamedot wau boten namung sawarni, dados tumrap tijang ingkang badé njekaraken saged milih ing sasakétjnipun, tuwin menggah tjatjahing wanda inggih boten angangélaken ukara.