Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

PARAMASASTRA DJAWI

25


8. Tembung panggenah (artikel) = sarupaning tembung kang mratelakaké barang kang wis genah anané : sing, sang.
(ponang lan kanang mung kanggo ing tembang),

9. Tembung dunung (preposition) = sarupaning tembung kang mratelakaké dunung, ener lps.
ing, ingarep, menjang, marang, déning, lsp.

10. Tembung panguwuh (interjection) = sarupaning tembung kang mratelakaké panguwuh utawa pasambat:
lo, wah, aduh, toblas, lsp.

--ooOoo--


IX. DJENENGING RIMBAG

1. Lingga andahan: Sarupaning tembung lingga kang oleh ater2 sa - pa - pipra utawa kadunungan seselan : er, el. (ndelenga ktj. 51an12).

2. Tanduk (active). Sarupaning tembung lingga kang kadunungan ater2 anu- swara sarta kapérang dadi 3 golongan :

a. tanduk krijawantah : nulis.
b. tanduk-i-krija : nulisi.
c. tanduk-ké-krija : nulisaké.

(katja :16 lan 17 bab panambang i lan aké).

3. Tanggap: (passive).
Sarupaning tembung lingga kang kadunungan ater2 tripurusa, ater2 ka, lan seselan ; in:
a. tanggap utama-purusa-krijawantah, ikrija, kékrija: dakwatja, dakwatiani, dakwatjakaké.
b. tanggap madyama-purusa-krijawantah, -ikrija, kékrija : kotulung, kotulungi, kotulungaké.