Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
VIII. PANJILAHING TEMBUNG

(djinising tembung kalarasaké karo basa mantja)

1. Tembung krija (=verb) = sarupaning tembung kang mratélakaké solah bawa utawa pagawéan :
tuku, gawa, nulisi, sinau, tetuku, lsp.

2. Tembung aran (substantive) = sarupaning tembung kanggo ngarani djenengé samubarang maudjud utawa kang dianggep maudjud :
watu, banju, angin, nagara, kapinteran, pangarsa, lsp.

3. Tembung kaanan (adjective) = sarupaning tembung kang mratélakaké kaananing samubarang :
gedé, pinter, linuwih, mardika, kuna-wani, gumagus, lsp.

4. Tembung katrangan (adverb) = sarupaning tembung kang nerangaké tembung kaanan utawa tembung krija :
banget, mau, bésuk, ngendi-endi, boloanawa, mesti, lsp.

5. Tembung sesulih (Pronoun) = sarupaning tembung minangka sesulihing barang maudjud utawa kang dianggep maudjud ; kapérang dadi 5 golongan :
a. tembung purusa: aku, kowé, sianu, kule, sampéjan, pand jenengan lsp.
b. tembung darbé : -ku, -mu, - é.
c. tembung pituduh: iku, iki, ika, lijé, kuri, kaé.
d. tembung pitakon: sapa, apa, endi, ngendi, kapan, kaprijé, lsp.
e. tembung panggèndèng: kang, sing, ding.

6. Tembung wilangan (numeral) = sarupaning tembung kang mratélakaké tjatjah:
sidji, loro, telu, kapisan, kapindo, sawatara, lsp.

7. Tembung panggandeng (Conjunction) = sarupaning tembung kang nggandeng ukara utawa tembung :
lan, sarta, utawa, wondéné, sarehné, marga, mulané, éwadéné, lsp.