Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 26 -

PARAMASASTRA DJAWI

c. tanggap pratama purusa-krijawantah.
ikrija, - kékrija :
digarap, digarapi, digarapaké.

d. 1. tanggap - ka - krijawantah : katandur
2. tanggap - ka - ikrija : katanduran.
3. tanggap - kå - kékrija : katanduraké.
e. 1. tanggap - na - krijawantah : pinatjul
2. tanggap - na - ikrija : pinatjulan
3. tanggap - na - kékrija : pinatjulaké.

f. tanggap - tarung: tjakot-tjinakot,
apura-ingapura.
(tegesé : pada déné...

4. Tandang (ktj: 9).
Sarupaning tembung lingga kang kadunungan ater2: dak lan panambang: é, dak + an +6, dal né.

Dapur krijawantah : dakgawané
 ”  ikrija : dakgawanané.
 ”  kékrija : dakgawaknó

5. Sananta : (ktj. 9).
Tembung tanduk, krija-lingga, lingga-andahan 1sp. kang kadunungan ater2. dak utawa di :
a. sananta-utama-purusa-krijawantah,
ikrija, kékrija:
dak ngukur, dak ngukuri,
dak ngukuraké.

b. sananta-pratama-purusa :
di mangétan, di taberi, di prajitna.

6. Bawa: (intransitive).
Sarupaning tembung lingga (wod) kang oleh ater2:
ka, a, ma, kuma, kami, kapi lan seselan: um.
a. Bawa-ka: (ktj.10).
1. dapur wantah: kobong, ketjemplung.
2. dapur wisésana: kobongan, ketjemplungan.