Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

PARAMASASTRA DJAWI

- 21 -

VII. UKARA LAN PANCRATJUTE

Ukara Lamba (ukara tjendak):

  1. Dok wingi ing kéné ana sédan.
  2. Aku tukokna buku !
  3. Adja mangan karo mlaku !
  4. Muga-muga gangsara anggonmu sekolah !

Ukara tjamboran = ukara lamba loro utawa luwih (panggandèngé nganggo tembung panggandeng utawa pangiket):

  1. Djarwa didukani guruné sarta disuda bidjining kalakuané.
  2. Bulané diwatja marambah-rambah, bandjur disimpen ing lemari.
  3. Botjah iki kesèdé ora djamak, luwih2 bareng sikilé lara.
  4. Botjah kaé apik rupané, nanging kok ala atiné.
  5. Aku ora mlebu sekolah, sabab lara.
  6. Mendungé nggandul, mulané nggawaa pajung.

Katrangan:

1. Ukara Djawa iku "katrangané" dumunung ing saburiné bab utawa prakara kang diterangaké.Upama :

Omah geḍé ora kena : gedé omah ngèlingana "hulam D.ll."
botjah pinter ora kena : pinter botjah
medja ḍahar : ḍahar médja
manuk otjehan : òtjehan manuk

2. Tumrap ukara tanduk (wasésané kadunungan ater2-anuswara) sing didisikaké: djedjering ukara, bandjur wasésa lan lésẵn. Mungguh "katrangan" iku sok ana ing ngaren, sok ana ing buri utawa ing tengah.
Semono uga tumrap ukara tanggap (wasésané kadunungan ater2-tripurusa). Tulada:
a. Sardi (djedjer) nulis (wasésa) lajang kiriman (lésan).
b. Mau (katrangan) ḍuwité Tarman (djedjer) ditjolong (wasésa) kantjané (katrangané).